+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 14  Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani

I Para Raja 19:19-21; Jabur 40:2-12; Lukas 5:1-11

NDHEREK ING PAKARYANIPUN GUSTI

“Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.” Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.” 

(Lukas 5:10b-11)

Ana sawatara kang nganggep yen greja  wis ora duweni greget ngabarake injil.  Malah ana uga kang nganggep  yen greja wis ora ana Roh Kuduse. Apa iya mangkono?  Sing bisa paring wangsulan  ya mung warganing pasamuwan Gereja Kristen Jawa. Lumantar Pokok-pokok Ajaran GKJ, sakjane wis diandharake kanthi gamblang babagan mbabarake sih-rahmate Gusti Alllah lumantar pakaryane Gusti Yesus. Yaiku ing sangsara lan sedane. Saben para pandereke Gusti Yesus, kang  nampa Gusti Yesus minangka Allah lan Juru wilujenge, temtu kabeh iya wis pana, yen nampa Gusti mesthi iya nampa uga dhawuh lan mbabarake pakaryane uga.

Gusti ngandika marang Petrus, supaya aja wedi. Awit  dina iku bakal dadi juru amek wong, sarta ndherekake Gusti ing pakaryane. Ing kono Petrus ora sangga-runggi anggone ndherekake Gusti. Jer Petrus ninggalake samubarang darbeke. Ateges apa kang katindakna dening Petrus mujudake keputusan kang wigati tinimbang pagaweane dadi juru amek iwak.  Olah leladi  kang kaparingake Gusti luwih wigati. Amarga prakara kang wis kababar lumantar kaelokan kang wis dialami Petrus sakancane. Kumandele Petrus marang Gusti iku kang dadi kakuwatane anggone nindakake pakaryane Gusti. Wusana setya tuhu ndherek leladi Gusti nganti pupute umure.

Setya tuhu ndherek Gusti mestine uga tinemu ing gesang kita, para pandhereke lan umat kagungane.  Sanajan aweh paseksi ing jaman samangke iku angel. Napa malih kudu nyingkur kabeh peranganing kadonyan.  Emuta yen sanyatane awake dhewe kabeh iku serataning Gusti kang kawaca.   Dadi kajaba nampa pepadhang sih-rahmate Gusti, iya kudu bisa dadi pepadhang kanggo para mitra kadange. Becik iku sarana tetembungan kang ngresepake dalasan panggawe kang becik  utamane panggawe becik tumrap pepadha. Panggawe becik minangka wujud sokur lan katresnan marang sapepadha, murih kaluhuraning asmanipun Gusti kita Yesus Kristus. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ