+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa,  17  Januari 2023 Minggu Limrah I

Yesaya 53:1-12; Jabur 40:6-17; Ibrani 10:1-4

KAANGKAT AWIT PAKARYANING ALLAH

“Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae

bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe.

Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong

kang padha nindakake. Jalaran saupama mangkono, mesthi wong-wong padha ora nyaosake kurban-maneh, sabab kang padha nindakake pangibadah iku

ora ngrumangsani dosa maneh awit wis padha karesikake sapisan

kanggo salawas-lawase.” (Ibrani 10:1-2)

Nalika badhe  minggah gunung, saking ngriya sampun nyawisaken ubarampe kangge minggah. Boten katalumpen nyawisaken raganipun, dipun gladhi klawan tumemen. Sasampunipun dumugi papan, naliti kawontenan ugi  pados seserepan bab gunung punika. Murih ancasing sedya minggah gunung saged kadumugen.  Banjur jumangkah minggah. Emanipun, nalika badhe jumangkah, dumadakan mendung; grimis rawis-rawis. Kepeksa mandeg, banjur kemutan mawerni-werni pepalang, paugeran punapa dene awisan-awisan ingkang kedah dipun tindakaken. Tumunten ajrih lan wurung anggenipun badhe minggah gunung. 

Inggih makaten sawabing toret tumrap gesanging manungsa. Menawi namung permati bab paugeraning angger-anggering Toret saestu boten badhe pikanthuk kawilujengan. Punapa malih ngemuti bab awisan-awisan ingkang saklangkung kathahipun. Mokal anggenipun saged ngestokaken.  Jalaran kamanungsan ingkang ringkih wondene paugeraning toret punika sampurna. Menawi  kita timbang temtu badhe njoplang.  Timbang kemawon boten. Kita mangertosi bilih gesang kita ringkih lan kathah kekiranganipun, kathah nalingsiripun.  Awit saking punika,  ing serat Ibrani katerangaken bilih nalika kita  namung migunakaken angger-anggering Toret, kita namung badhe mangertosi sadaya dosa kalepatan kita. Sih palimirma lan katresnanipun Allah ingkang ageng boten saged karaosaken. Ananging menawi kita ndadha karingkihaning badan  lan pitados bab sihrahmat pakaryanipun Allah temtu saged ngraosaken endahing gesang ing salebeting suwasana lan kawontenan punapa kemawon. Sabab underaning gesang boten namung wonten ing diri kita piyambak nanging wonten ing Gusti Allah, ingkang paring kawilujengan. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ