+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 13  Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani

Jemuwah, 13  Januari 2023 Minggu I Saksampunipun Epifani

Purwaning Dumadi 27:30-38; Jabur 40:2-12; L. Para Rasul 1:1-5

NYARIOSAKEN KAELOKAN PAKARYANIPUN ALLAH

“Dhuh Yehuwah Allah kawula, sampun kathah ingkang Paduka tindakaken, pakaryan Paduka ingkang elok saha karsa Paduka tumrap kawula sadaya,

boten wonten ingkang saged kajejeraken kaliyan Paduka.

Kaelokan Paduka badhe kawula cariyosaken saha kawula ucapaken,

nanging manawi kaetang kakathahen sanget cacahipun.”  

(Jabur 40:6)

Nyariosaken satunggaling prekawis punika boten gampil. Napa malih menawi carios punika boten dipun alami piyambak, nanging kapireng saking tiyang sanes utawi pengalamanipun tiyang sanes. Punapa malih menawi cariyosipun boten runtut, kepara dipun bangetaken, ngemu perangan ingkang boten pinanggih nalar. Temtunipun saged dipun wewada, “kuwi rak jarene!” 

Benten kaliyan cariyosipun Prabu Dawud wonten ing Jabur 40, ingkang nelakaken  paseksinipun Prabu Dawud anggenipun sesarengan Gusti Allah. Panjenenganipun nyariosake pakaryanipun Allah ing lampah gesangipun. Sadaya kalampahaning gesang  awit sih  pakaryanipun Gusti. Prabu Dawud boten ngetang kasangsaran gesangipun.  Awit kasangsaraning gesangipun menawi katandhingaken kaliyan pakaryanipun Gusti ingkang karaosaken boten wonten sak kuku irengipun, boten saget katandingaken. Prabu Dawud  ngalembana Gusti awit pakaryan lan berkahipun. Prabu Dawud ugi  nyuwuraken asmanipun Gusti lan mrayogekaken bilih sadaya titah, mliginipun umatipun Gusti, inggih pitadosa, kumandela kanthi wetah ing karsa lan panuntunipun Gusti Allah.

Nuladha Prabu Dawud, sampun ngantos gesang kita namung nyariosaken pengalamanipun asanes. Napa malih menawi pengalaman punika namung nelakaken  pasambating gesang kemawon. Jer punika ateges  boten ngaosi  pakaryaning Allah lan berkahipun ingkang tinampi. Napa malih ngundhamana dhateng pakaryanipun Allah. Sumangga sami ngraosaken sepinten ta berkahipun Allah ingkang tumrah. Satemah sami kepareng dados kaluhuraning asmanipun Gusti, santosnaning kapitadosan ing Gusti Allah, badhea pribadi punapa dene ing satengahipun brayat lan pasamuan. Nggelarna pakaryanipun Gusti ingkang elok. Awit sih kamirahanipun Gusti punika langgeng. Sih kasetyanipun turun-tumurun. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ