+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 12  Januari 2023 Minggu I saksampunipun Epifani

Yesaya 22:15-25; Jabur 40:2-12; Galatia 1:6-12

KARSANING PRIBADI PUNAPA KARSANIPUN GUSTI

“Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa

apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa?

Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa,

dadi aku dudu abdine Sang Kristus.”

(Galatia 1:10)

Minangka abdinipun Gusti, sampun samesthinipun ingkang kawawas, kaener, kaupadi punika kersanipun Gusti. Emanipun kathah ing antawispun abdinipun Gusti ingkang bekta pikajengipun piyambak atas asmanipun Gusti. Kalawan pemanggih bilih sedaya kagem kesaenaning warganing pasamuwan lan masyarakat. Tundhanipun, katimbang nuwuhaken kesaenan, malah nuwuhaken dredah lan sulayah.   

Waosan dinten punika ngemutaken bilih nyingkur Gusti temtu badhe kecalan berkah kamulyaning Allah. Rasul Paul paring pangenget dhateng pasamuwan Galatia ingkang kathah nyingkur Gusti awit wonten pamawas ingkang kados-kados langkung sae. “Aku gumun, dene kowe enggal temen padha nyingkur Panjenengane, kang marga sih-rahmate Sang Kristus wus nimbali kowe, sarta banjur kelu marang injil liyane,  kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.” (Galatia 1:6-7) Rasul Paul paring pangenget bilih kababaring Injil Sang Kristus punika estu saking karsanipun Gusti. Makaten ugi anggenipun  miji rasul Paul minangka rasulipun inggih awit kersanipun Gusti. Awrata kados punapa, rekasaa kados punapa inggih tansah sumanggem mundhi dhawuhipun Gusti. Awit saestu rancanganipun Gusti Allah punika rancangan tentrem rahayu. Sanes rancangan kacilakan. 

Jaman samangke kathah  seserepan, kawasisan ingkang luhur, paseksi-paseksi ingkang kados-kados ngendhih anggen kita pasrah sumarah ing Gusti Yesus. Wontenipun dukun tiban, brahala pesugihan, pamisesaning jagad;  nyirep panguwaosipun Gusti. Kados-kados panguwaosing Allah boten kuwawa mitulungi malah kapara kaanggep boten wonten dayanipun. Kumandela bilih panguwaosipun Gusti; dayanipun ngungkuli daya sanesipun. Kalebet kawruh lan pikajeng kita piyambak. Tansah ngupadia kersanipun Gusti. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ