I Samuel 1:1-20; Jabur 27:1-6; Galatia 1:11-24
ETUKING KASANTOSAN
“Anggitane Prabu Dawud. Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku
lan pamartaku, sapa kang dakwedeni? Sang Yehuwah kang
dadi bebetenging uripku, sapa kang marakake aku gumeter?”
(Jabur 27:1)
Raos ajrih tuwuh nalikanipun: lumampah ing margi ingkang sepi utawi papan kang wingit lan angker, kadosta pasarean. Wonten ugi ingkang ajrih nalikanipun ingancam ing panandhang. Kadosta dipun vonis menawi gadah penyakit tumor utawi kangker. Kejawi obatipun awis, kedah kemoterapi wongsal-wangsul. Kalamangsanipun inggih mbetahaken tranfusi darah malah saged kemawon cuci darah. Awit saking punika, adhakanipun kedah tlaten lan sabar. Awit terapi lan pengobatanipun mbetahaken wekdal ingkang dangu. Semangat ingkang ageng saetu kabetahaken.
Prabu Dawud nglenggana kalenggahan minangka ratuning Israel punika boten gampil. Kathah pepalang lan rubedha ingkang badhe tumempuh tumrap diri lan bangsanipun. Punapa malih nalikanipun wiwit katetepaken minangka raja sampun dipun mengsahi Sang Prabu Saul. Dereng malih raos serik lan gething saking bangsa-bangsa sakiwa tengenipun. Nanging Sang Prabu Dawud pitados bilih Sang Yehuwah ingkang njebadi ugi ingkang badhe paring kasantosan. Inggih saestu makaten ingkang pinanggih ing gesangipun Sang Prabu Dawud lan sadaya bangsa Israel. Kanthi paseksi bilih namung Gusti ingkang dados pepajar lan pamartanipun. Awit saking punika Sang Prabu Dawud sangsaya kekah ing kapitadosan bilih namung Sang Yehuwah tuking kasantosanipun.
Temtu gesang ing alam donya punika boten kalis ing rubedha lan panandang. Asring nyampar nyandung lan saged kemawon gebentus ing tawang. Kantun kados pundhi anggen kita ngadhepi? Kados pundhi anggen kita mawas lan ngrampungaken sadaya pepalanging gesang punika? Kita inggih nglenggana sanajan nyawa cumandhang badan punika ringkih. Perlu tansah kaatag ing pandonga lan jumaga. Jer namung Gusti Allah tuking kasantosaning gesang, kaayeman katentreman. Sedaya pameteking gesang badhe dipun adhepi kalawan santosa. Awit injih estu namung Gusti pribadya ingkang dados kasantosaning gesang. Amin. |*AK