+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 26 Januari 2023 Minggu Limrah II

Pangandharing Toret  16:18-20; Jabur 15; I Petrus 3:8-12

NGGAYUH URIP KANG BECIK

Sing sapa arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik,

kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang ala sarta mekak lambene

tumrap tetembungan kang cidra. Wong iku nyingkirana piala

 sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman

sarta ngudi supaya bisa kagayuh.”

(I Petrus 3:10-11)

Sinten ta tiyang ingkang mboten kepingin gesangipun sarwa eca tur sekeca? Gesang sarwa kacekapan. Punapa ingkang dipun sedya kasembadan. Sedaya kabetahaning gesang sampun cumawis lan boten sisah kanthi kangelan lan rekao. Rerantaman ingkang kados makaten sagedipun kababar inggih dipun gayuh kinanthenan ing pambudidaya. Pambudidaya inggih kantindakna kalawan   tumemen,  supados punapa ingkang dipun gadhang-gadhang boten nglaha utawi kothong ananging pinanggih sedya saking pambudidayaning gesang.

Rasul Petrus paring seserepan supados gesang punika pikanthuk tentrem lan raharja. Gesang ingkang sarwa grapyak sumanak. Tresna asih dhateng sesami.  Ambeg welasan lan tansah andhap asor ing budi. Males becik tumrap kang paring piala. Nebihi dredah, pasulayan lan memengsahan. Tansah mbudidaya murih tentreming pepadha lan suwasana. Gesang tansah mursid yekti. Malah dipun tandesaken malih; yen arep nresnani urip sarta ngalami dina-dina kang becik kedah saged mekak ilate. Tegesipun  sageda ngendaleni pangucapipun lambe. Ajining diri gumantung ana ing lathi. Kedah ngedhalaken wicanten ingkang utama, ingkang wicaksana lan maedahi tumraping diri lan sesami. Boten dora punapa malih cidra. 

Awit saking punika sumangga tansah mbudidaya kanthi sakatoging driya;  kanthi temen nindakaken karsanipun Gusti. Jer Gusti Allah tansah nilingake kasusahane umate,  “Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid, sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.” Sumangga tansah kumandel ing berkah lan pitulungane Gusti. Awit Karaharjaning gesang lan tentrem rahayu ingkang pinangkane saka Gusti Allah, tumedhak ing umate lan nyrambahi ing sabumi kabeh. Murih kaluhurane asmane Gusti. Amin.    Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ