+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu,   28 Januari 2023 Minggu Limrah II

Mikha 3:1-4; Jabur 15; Yokanan 13:31-35

KALUHURAN LAN KAMULYAN PEPARINGIPUN GUSTI

“Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane,

Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing

sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.”

(Yokanan 13:32)

Kaluhuran lan kamulyaning gesang punika gegadhanganipun sadaya tiyang ingkang gesang. Sanadyan bingah sisah, begja cilaka punika peranganing gesang ingkang  gilir gumanti karaosaken. Emanipun, asring kita mrangguli peranganing gesang kebak ing panandhang lan karupekan. Kados-kados boten wonten telasipun nempuhi gesang kita. Yen sadaya punika kita raosaken kanthi kasekenganing badan kamanungsan kita;  tangeh lamun saged unggul. Kita boten badhe gaduk nggayuh kaluhuran lan kamulyan ingkang sejati ingkang kaprasetyakaken Gusti dhateng kita, umat kagunganipun. 

Makaten ugi ingkang kebabar ing injil Yokanan 13:31-35, ingkang ngandharaken, bilih  sasampunipun Yudas Iskariot kesah Gusti Yesus pratela; “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane”. Bebasan rerekan sawer kang pinenthang, satemah sinten kemawon ingkang ndeleng, kapitulungan rahayu, kalis saking sawabing wisa. Pitakenipun kados pundi salib dados margining kaluhuran? Rak punika pratanda karingkihan lan kasangsaran malah kaasoran?  Awit Gusti Allah karsa nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa. Apamaneh ing sajrone wujud manungsa iku Panjenengane wus ngasorake sarirane lan sumuyud nganti seda ana ing kayu salib. (Filipi 2:7-8)

Underaning saking prasetyanipun Allah inggih ing pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken dening Gusti Allah Pribadi. Murih sadaya titah wangsul ing kekeranipun lan boten gesang mblasar nggega pikajengipun piyambak ingkang winengku ing dosa lan pepejah. Manungsa kantun nampi uluraning astanipun Gusti Allah ing pakaryanipun Sang Kristus Yesus. Salib minangka tanda sihpangurbanan pambirating dosa ugi minangka jangkeping prasetyaning Allah murih kawilujengan binabar. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ