Mikha 6:1-8; Jabur 15; I Korinta 1:18-31; Mateus 5:1-12
GESANG MIDHEREK KARSA LAN PANUNTUNIPUN
“He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik,
lan apa kang dadi pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe:
kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya,
apamaneh andhap-asor ana ing ngarsane Allahmu!”
(Mikha 6:8)
Sadaya manungsa saestunipun sampun mangertos punapa ingkang kedah katindakaken murih saenipun gesang. Inggih saenipun gesanging pribadi, punapa dene gesangipun sesami laras kaliyan karsanipun Gusti. Emanipun, awit katresnan ingkang linangkung tumrap awakipun piyambak, sedaya perangan ingkang kaanggep minangka pepalang anggenipun ngupadi kapentinganipun pribadi, dipun terak; dipun singkiraken, murih kekarepan miwah sedyanipun kasembadan. Yen ta kepeksa, inggih nerak angger-anggering Allah. Dangu-dangu inggih kaanggep limrah.
Gusti Allah nedahaken sepinten ta agenging pakaryanipun anggenipun paring pitulung lan berkah dhateng bangsa Israel nanging kenging punapa kok bangsa Israel tansah nyingkur Panjenenganipun. Gusti ngantos duka awit paneraking bangsa Israel lan sami prakaran; nedahaken punapa ingkang boten katindakaken Gusti Allah murih raharjaning bangsa pepilihanipun. Gusti ngersakaken supados bangsa Israel tansah tumindak becik, inggih punika tumindak adil, lan tansah setya, sarta andap-asor ing ngarsanipun Gusti Allah.
Kanthi tansah naliti gesang, kita saged mahanani waspadaning lampah lan saged njumbuhaken lampahing gesang kaliyan karsa lan panuntunipun Gusti. Kita saged mangertosi sepinten agenging pakaryan lan sihipun ingkang tansah tumrah ing gesang kita. Awit saking punika kita saged kanthi tulus nelakaken raosing sukur ing ngarsanipun Gusti Allah. Kita ugi saged metani diri punapa kita inggih sampun gesang manut karsa lan panuntunipun Gusti Allah punapa dereng. Saupami dereng kita saged enggal nindakaken, lan yen ta nalisir enggal ugi ndandosi lampah miderek margi pitedahipun. Kita saged tansah midherek karsa lan panuntunipun satemah kita tinebihaken saking bebendunipun Gusti Allah. Tansaha gesang midherek ing karsa lan panuntunipun Gusti. Amin. |*AK