+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen,   30 Januari 2023 Minggu Limrah III

Rut 1:1-18; Jabur 37:1-17; Filemon 1:1-25

PANGGAWE BECIK KUWI DADI PANGLIPUR

“Anggonku nulis layang marang kowe iki kanthi pangandel

yen kowe bakal miturut. Aku sumurup yen tumindakmu

bakal luwih saka panjalukku.”

(Filemon 1:21)

Jamak limrahipun manungsa punika langkung anggenipun nggayuh kabecikan kangge diri pribadinipun lan  kadang kala boten migatosaken tiyang sanes lan sanak kadangipun. Punapa sanak kadangipun lan tiyang sanes punika remen awit tumindak lampah lan pangucap kita punapa  boten.  Sampuna ngantos patrap pandamel kita malah njalari tatu lan pingget manahipun asanes, njalari tuwuhing dredah lan sulayah, tebih saking tentrem lan rahayu.

Pangandikanipun Gusti wonten ing serat Filemon 1:1-25 nelakaken mongkokipun penggalihipun Rasul Paul awit punapa ingkang katindakaken Filemon lan pasamuwan ingkang wonten ing griyanipun. “Saka tumindaking katresnanmu, aku rumangsa oleh kabungahan gedhe, lan kasantosan marga kowe wus nglejarake atine para suci, sadulurku!” (Filemon 1:7) Kebabaring  katresnan ingkang lumampah ing gesanging Filemon lan pasamuwan jumbuh kaliyan pandonga panyuwunanipun Rasul Paul ing ngarsaning Allah.   Inggih punika supados pasamuwan lan Filemon tansah kabangun lan midherek punapa ingkang sampun kawulangaken Rasul Paul dhateng pasamuwan. Punika inggih nelakaken bilih Gusti Allah minangkani punapa ingkang kasuwun murih pambanguning pasamuwan sarta kadewasaning gesang pasamuwan punika. “Aku saos sokur marang Allahku, samangsa aku ngelingi kowe sajrone pandongaku, sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus.  Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus.”  (Filemon 1:4-6)

Awit saking punika tumindak becik sageda mahanani gesanging bebrayatan agung lumampah sae. Gesang dados renaning penggalihipun Gusti Allah lan sesami. Kadewasaning iman kapitadosan kababar ing lampah gesang kados pakaryaning Allah ing Sang Kristus Yesus ingkang sampun paring sih-rahmat ing pangurbananipun lan tulada mrih kasaenaning gesang sagung tumitah.  Murih kababaring Injil  tentrem rahayu tumrah ing jagad. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ