+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah,   27 Januari 2023 Minggu Limrah II

Pangandharing Toret 24:17-25:4; Jabur 15; I Timotius 5:17-24

TIYANG INGKANG TENTREM RAHAYU

“Dhuh Yehuwah, sinten ingkang kepareng

mondhok wonten ing tarub Paduka? Sinten ingkang kelilan

manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?”

(Jabur 15:1)

Ing satengahing gesang, mbokbilih  nate ngraosaken utawi mireng pitakenan bab mangke sawusipun kapundut ing Gusti utawi pepuntoning uriping manungsa kados punapa. “Yen sesuk mati mlebu swarga apa ora?”  Utawi “sing iso mlebu swarga kuwi wong sing kayangapa?” Pitakenan ingkang makaten limrah awit dereng nate tiyang ingkang tangi sasampunipun kapethak (dipun kubur) lajeng miterang bab swarga lan naraka.  Sedaya punika namung “kandhane/jarene”.

Wonten ing Kitab Mazmur 15:1-5; anggitanipun Sang Prabu Dawud, bab sinten ingkang nampi gesang wonten ing aubing swiwinipun Gusti utawi ing Sion (Redining Allah) injih punika tiyang ingkang lampahipun boten cacad. Tansah tumindak adil ing sadaya perkawis ing gesangipun. Sarta ngucapaken ingkang saestu bener kanthi gumolonging manah. Wosipun anggenipun wicanten saged dipun ugemi lan dipun buktekaken   kanthi saestu.  Boten wola-wali, trawaca lan  gumathok manut pranatan lan paugeran nagari punapa malih paugeraning Gusti Allah. Gesangipun taksah saged ngaosi ing bab pasedherekan.  Pangandhikanipun kebak kawasisan lan kautamaning gesang.  Boten nate ambeg siya mring pepadha-pepadhaning ngaurip. Tebih saking panindhes lan panguya-uya mring pepadha. Sadaya lampahing gesang ngudhi karahayon lan karaharjaning sesami.

Kadosdene tiyang ingkang ngupadi sangkan paraning dumadi lan sasampunipun mangertosi lajeng ndhadha diri ingayom lan karsanipun Gusti ingkang nitahaken dirinipun. Tansah manekung puja ngeneraken lampah lan tindhakipun ing margining bebener. Kadosan lan karingkihan diri sinaosken mring Gusti anjok ing sih-rahmat lan tentrem rahayu raharjaning gesang. Tansah anarimah ing berkah kang tinampi. Sinartan pamuji sokur lan panuwuh konjuk Gusti ingkang sampun kepareng maringaken sih rahmat kawilujengan wonten ing gesangipun. Pamuji sokur ingkang minangka  pisungsung ingkang gesang, suci lan ngganda arum murih kaluhuraning asmanipun Gusti lan tenterm rahayu tumrap sesami. Amin.|*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ