+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo,  25 Januari 2023 Minggu Limrah II

Purwaning Dumadi 49:1-2, 8-13; Jabur 27:7-14; Lukas 1:67-79

DADOS CECALA

“Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran

prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,”

(Lukas 1:76)

Salah satunggaling pandamel ing gesang ingkang boten sae inggih punika.   mewadha, nacad liyan  utawi nyandra ala. Metani eleking liyan malah uga ngina awoning tiyang sanes. Milaur damel dredah tinimbang damel tentreming suwasana. Napa malih tumraping tiyang kang damel kapitunan tumrap awakipun piyambak. Kepara ngraosaken mangkel, anyel lan  gregetan. Menawi saged  kepingin males tumindak awoning tiyang.  Ananging menawi pikantuk kabegjan lan kanugrahan, malah pangalembana saking asanes, cekap kangge awakipun piyambak. Ngraosaken bombong lan bungah. Wondene tiyang sanes ing mangsa borong. Mbuh ra ruh (ora weruh).

Boten makaten tumraping Yokanan. Yokanan kapiji nyawisaken margi kagem Gusti Allah mbabar kawilujengan. Awit kawilujengan saking Gusti punika kangge sadaya tiyang boten namung kangge Yokanan, lan bangsa Israel kemawon.  Yokanan kedah paring seserepan dhateng bangsa Israel bab rawuhipun Sang Pepadhang ingkang mbekta karahayon dhateng sadaya tumitah. Supados estu  umat nampi rawuhipun, lan nampi prasetyaning Allah.  “…. ngretekake umate marang dalaning karahayon, adhedasar pangapuraning dosa-dosane marga saka rahmat lan sih-piwelase Allah kita, kang bakal kaasta anggone bakal ngrawuhi kita saka ing ngaluhur, Sang Surya-esuk karsa madhangi sakabehing wong kang padha andhok ing pepeteng lan ana ing wayanganing pati, apadene ngenerake sikil kita marang dalaning karahayon.” (Lukas 1:77-79). Nyawisaken margi rawuh Dalem Gusti lan nyumurupaken margining karahayon kangge sadaya umat.

Makaten ugi kita ingkang sampun nampi margining karahayon,  kapiji kapatah dados cecala tumraping sesami. Awit karahayon punika inggih kangge sadaya umat. Awit saking punika wontena pundi papan lan suwasana utawi wekdal, kita sageda dados cecala tumrap sesami lan ugi nyawisaken margi rawuh Dalem Gusti ingkang kaping kalih. Gusti mberkahi. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ