+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah,  20 Januari 2023 Minggu Limrah I

I Samuel 9:27-10:8; Jabur 27:1-6; Galatia 2:1-10

TETEP BAKUH

“Nanging sathithik bae aku padha ora gelem mundur lan emoh teluk

marang wong-wong mau, supaya kayektene Injil bisa tetep ana ing kowe.” 

(Galatia 2:5)

Wonten ing gesang padintenan; malah ing sauruting gesang kathah bab ingkang asring ngendhih prasetya  lan kaatepan kita wonten ing Sang Kristus Yesus. Punika sedaya saged dipun wastani pandadaraning gesang. Wondene awrat lan enthenging pandadaraning gesang punika pinta-pinta. Satunggal lan sanesipun benten. Wonten ingkang mastani  bilih perkawis ingkang nempuhi ing gesangipun sawijing tiyang punika awrat.  Makatena ugi kosok wangsulipun  punapa ingkang nempuh ing tiyang ingkang mungel awrat menawi dipun wawas sederek sanesipun punika perangan ingkang karaos entheng.  Mila wonten tembung,   “Wong mono mung wang sinawang,” Dados tumraping setunggal lan satunggalipun boten badhe sami.

Mbok menawi makaten ingkang kelampahan ing peladosanipun para rasul anggenipun nggiyaraken injil kratoning Allah tumrap golongan kang boten tetak. Punapa kedah dipun etrapi tata adat yahudi punapa boten?   Tumraping para-para ingkang ngugemi kaluhuraning tata adat yahudi, ngetrapake tata adat yahudi dados kawajiban. Mangka menawa kawajiban dipun lirwakaken ateges kirang tata lan boten pantes. 

Wondene tumraping Rasul Paul  boten makaten. Sauger injil kratoning Allah saged kababar, sinartan pangetrape adat yahudi punapa boten punika sanes perangan ingkang wigati. Punapa malih nalikanipun pamrayogi punika tuwuh  wontenipun raos srei lan drengki, boten perlu kagape/karewes. Ingkang baken bilih punapa ingkang katindakaken injih namung saking kersanipun Sang Kristus ingkang paring dhawuh lan ngersakaken Injiling tentrem rahayu punika karaosaken lan kababar kinanthenan kamardikan. Inggih punika  kamardikan ingkang sejati  ing Sang Kristus Yesus kemawon. Sadaya ingkang tinempuh ing gesang tansah karaosaken kathi kumandel ing Gusti. Awrata ethenga  sadaya karampungaken kanthi greget lan semangat, boten badhe ewah gingsir tetep bakuh kukuh ing Sang Kristus. Saestu Panjenenganipun Gusti Yesus Kristus ingkang ndadosaken pikukuh-pikekahing gesang. Amin. |*AK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ