Pada hari Sabtu, 25 Mei 2024 Komisi Adiyuswa Gereja-gereja Kristen Jawa Klasis Pekalongan Barat menyelenggarakan kegiatan Perayaan Hari Lanjut Usia Nasioanal (HLUN) dan Pentakosta. Dalam kegiatan tersebut GKJ Tegal ditunjuk sebagai gereja penyelenggara. Kegiatan Perayaan HLUN dan Pentakosta dilaksanakan di Aula SMKN 1 (ADB) Adiwerna, Kab. Tegal yang dihadiri 350 orang adiyuswa dari GKJ Brebes, GKJ Mejasem, GKJ Moga, GKJ Pemalang, GKJ Slawi dan GKJ Tegal. Konsep acara kegiatan HLUN dan Pentakosta adalah: Ibadah dan penampilan kesenian. Ibadah dikemas dalam bentuk dramaturgi dengan penampilan tarian pertobatan ekologi dan penyampaian khotbah dalam bentuk dialog punokawan. Sedangan penampilan kesenian masing-masing gereja berdasarkan undian yang sudah dilakukan sebelumnya antara lain: tari kreasi baru, pantomim, guyon maton, gerak dan lagu, drama pendek dan Vocal group dengan iringan alat music dari barang bekas. Dalam acara tersebut juga diserukan campaign go green sebagai upaya mengurangi sampah plastik yang diwujudkan dalam: buku panduan acara dengan format e-book, panitia tidak menyediakan minuman kemasan gelas/botol plastik, para peserta dihimbau membawa botol minum/tumbler sendiri serta penyerahan 1 buat bibit tanaman dan tumbler kepada masing-masing gereja sebagai seruan pengharapan agar semangat dalam acara ini diteruskan di gereja masing-masing. Dalam terang tema: TETAP BERKARYA DAN BERBUAH DI YUSWA ADI, adiyuswa GKJ Klasis Pekalongan Barat bertekad untuk terlibat dalam pembaruan dan pemulihan keutuhan ciptaan.
Ibadah dan Sarasehan Kesehatan HLUN 2024
Pangibadah HLUN SINODE GKJ “Sepuh Tetep Bakuh” – Mazmur 92:12-15 – Sarasehan Kesehatan Bersama dr. Agus Legowo (Dapat diikuti Melalui Youtube dan Zoom – Kuota Zoom 500 Peserta) https://s.id/SarasehanHlun24Zoom sarasehan akan dibuka setelah Ibadah Selesai Rabu 29 Mei 2024 Pukul 09.00 WIB – Selesai disiarkan langsung dari GKJ Joyodiningratan SurakartaLink Live Streaming Ibadah dan Sarasehan https://s.id/HalunAdiyuswoGKJ24
Bulan Kesaksian Pelayanan GKJ tahun 2024
Salam dalam Kasih Tuhan Yesus Kristus, Bapelsin XXIX GKJ Bidang Kesaksian dan Pelayanan, melalui surat ini, kembali mengajak gereja-gereja di lingkungan Sinode GKJ, untuk melaksanakan Bulan Kesaksian Pelayanan GKJ tahun 2024 dengan tema: “Gereja Ramah Disabilitas” sebagai upaya pemulihan martabat manusia. Bulan Kesaksian Pelayanan dapat dilaksanakan pada bulan Juni, atau sesuai dengan kebijakan dari Majelis Gereja setempat. Bersama ini kami kirimkan materi Bulan Kespel Tahun 2024 yang dipersiapkan bekerjasama dengan Yakkum, sebagai lembaga milik bersama Sinode GKJ dan GKI Sinode Wilayah Jateng, yang menggumuli peran gereja dalam pelayanan inklusi yakni terkait disabilitas, kesehatan mental, kekerasan berbasis gender, dan trauma psikologis. Bahan Bulan Kesaksian dan Pelayanan ini berisi: 1 Bahan Dasar atau Sarasehan,4 Bahan Pemahaman Alkitab dan 1 Bahan Inspirasi Kegiatan. Kiranya bisa bahan-bahan tersebut dapat dimanfaatkan oleh gereja-gereja di lingkungan Sinode GKJ dengan penyesuaian dan penyempurnaan sesuai konteks lokal. Selamat menghayati Bulan Kesaksian dan Pelayanan 2024, Tuhan Yesus memberkati. Teriring salam dan doa, Badan Pelaksana Sinode XXIX GKJ, Pdt. Anugrah Kristian Sekretaris Klik disini untun mengunduh
GKJ Bumi Indah MenahbiskanPendeta Baru di Ulang Tahun ke-6.Semangat Hadapi Tantangan Pelayanan
Pada hari Sabtu, 18 Mei 2024 GKJ Bumi Indah menahbiskan Vikaris Meido Diory, S.Si. Teol sebagai pendeta. Peristiwa penahbisan tersebut masih dalam suasana perayaan ulang tahun GKJ Bumi Indah yang pada tanggal 12 mei 2024 memasuki usia 6 tahun setelah didewasakan oleh GKJ Tanggerang. Proses pergumulan yang dialami GKJ Bumi Indah dari masa perintisan, pendewasaan dan penahbisan pendeta diantaranya: ijin tempat ibadah, proses pemaggilan pendeta di masa pendemi covid 19, mencari tempat untuk ibadah dirangkum dalam spirit tema: “Penyertaan-Mu”, sebagai khotbah sulung. Dalam khotbahnya, Pdt. Meido Diory mengajak GKJ Bumi Indah untuk tetap semangat dan optimis menghadapi tantangan pelayanan, karena Tuhan menyertai. Ibadah penahbisan dipimpin oleh Pdt. Wurihanto Handoyo Adi, S.Th sebagai pendeta konsulen GKJ Bumi Indah, yang sejak awal mendampingi dalam proses pemanggilan pendeta. Serta dihadiri oleh para pendeta GKJ Klasis Jakarta Bagian Barat, GKJ Klasis Jakarta Bagian Timur, GKJ Klasis Pekalongan Barat serta utusan PGI Wilayah Banten. Pdt. Bernadus Meymoriardi Eksilimawan selaku Visitator Bapelsin XXIX GKJ dalam sambutannya menyampaikan agar dalam menjalani kebersamaan dan mengahadapi pergumulan pelayanan, GKJ Bumi Indah bersama Pdt. Meido tidak saling maido. Membangun komunikasi dan relasi yang baik, serta memberi kesempatan pendetanya untuk berperan aktif dalam pergerakan oikumene dan kebangsaan. Makan sate enak di lidah. Makannya gratisan. Ciee…GKJ Bumi Indah punya pendeta baru ditahbiskan!
RENUNGAN SADHAR – Sabda Winedhar Juni 2024
RENUNGAN SADHARSabda Winedhar Juni 2024Mitra Saben Ari Marsudi Ati Tema: Gesang Kanthi Pitados Diterbitkan Oleh:Yayasan Taman Pustaka Kristen Indonesia(Anggota IKAPI)Jl. dr. Wahidin Sudirohusodo No. 38A Yogyakarta 55222Telp./Fax.: (0274) 512449; HP/WA: 087838211445E-mail: penerbit@tamanpustakakristen.comWebsite: www.tamanpustakakristen.com Bekerjasama dengan:Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Rek: BritAmaBisnis 0081-000589-56-1 a/n Sinode GKJTelp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663Website: www.sinodegkj.or.id Klik disini Untuk mengunduh Temukan Pengalaman baru Renugan Harian Sadhar didalam genggaman smartphone.Unduh Aplikasi Renungan Harian Sadhar di Playstore, dan nikmati pembacaan renungan harian di kanal youtube Sinode GKJ Pemesanan dan Informasi dapat menghubungi Sinode Gereja-gereja Kristen JawaJl. Dr. Sumardi No. 8 & 10 Salatiga 50711Telp: 0298.326684 Email: sinode@gkj.or.id WA Center: +62 856 4066 6663
Rebo, 15 Mei 2024 Minggu Paskah VII
Ezra 9: 9-15; Jabur 115; Yokanan 16 :16-24 KENDEL TAHAN SUSAH “Tekan sepréné kowé durung tau nyuwun apa-apa atas saka jeneng-Ku.Tansah nyenyuwuna, kowé mesthi bakal kaparingan, supaya kowé bisa bungah temenan.” (Yokanan 16 : 16-24) Wonten kekidungan makaten: “Gusti Yesus kula badhe ndherek Tuwan slaminya. Ndherek manggul salib Tuwan, sajeg kula neng donya. Kula Tuwan kiyataken sageda tahan susah. Sampun ngantos kemuriden, sampun cuwa ing manah.” Kidung punika mratelakaken tekading manah dherek Gusti sanadyan ngadhepi sisah lan sangsara. Mirengaken kekidungan punika pancen ndadosaken tentreming manah, punapa malih menawi kita nembe ngraosaken kasisahan lan momotaning gesang, kadosipun pas sanget kangge nglipur lan ngiyataken. Kidung punika gampil dipun apalaken lan dipun kidungaken, nanging ngecakaken ing pagesangan punika ingkang angel. Tetela kathah tiyang Kristen ingkang sami boten kiyat lan mlajar saking Gusti awit nandhang kasisahan ing donya. Gusti Yesus paring pangandika dhateng para sakabat bilih wekdalipun sampun celak lan Gusti badhe nilar para sakabat. Gesang myambak ing donya boten wonten Gusti ingkang nyarengi sacara wadag manungsa. Para sakabat boten perlu ajrih lan kuwatos sanadyan donya badhe damel gesangipun sami pinanggih sisah lan sedhih. Kados wanita ingkang badhe babaran, manahipun ajrih nanging tetep dipun adhepi, lan sasampunipun babaran sadaya raos ajrih, sakit badhe sinalin kabungahan. Kamanungsan kita ngraosaken ajrih, nanging kekendelan kangge ngadhepi kasisahan ingkang badhe manggihaken kabingahan ingkang saestu, mboten semu lan sawatara. Kendel tahan susah sarta tetep setya dherek manggul salibipun Gusti, ing wusananipun nampi bingah ingkang sejati. Sanadyan donya nawekaken kabingahan, nanging punika sipatipun semu lan sawetawis. Bingah ingkang dipun gawe-gawe sanes bingah ing sanyatanipun. Bingah amargi arta, bandha lan sanesipun namung sawatewais. Namung wonten satunggal kabingahan ingkang sejati lan saestu, inggih punika kabingahan ingkang saking Gusti. Tansaha kendel tahan sisah anggen kita ndherek Gusti, awit kita badhe nampi lan ngraosaken kabingahan sejati. |*DAS
Slasa, 14 Mei 2024 Minggu Paskah VII
Wilangan 8:5-22; Jabur 115; Titus 1: Titus 1:1-9 DIBERKAHI “Allah ènget marang kita, kersa paring berkah, bakal mberkahi turuné Israèl, bakal mberkahi turuné Harun.” ( Jabur 115 :12 ) Tiyang Jawi punika kados pundia kawontenanipun, badhea nembe ngraosaken sedhih, sisah lan bingah mesthi ngwontenaken ingkang ujubipun slametan utawi kendurinan saubarampenipun. Kenduri punika kangge nyuwun berkah supados gesangipun ing mangajeng punika sami pinanggih wilujeng. Lan sasampunipun sembahyangan miturut keyakinanipun ingkang kagungan dalem lan dipun sengkuyung dening sadherek lan tanggi, wangsulipun sami mbekta berkah arupi dhaharan. Berkah dados bebingahipun sae punika ingkang kagungan dalem tuwin sagung para rawuh. Lelampahan punika mratelakaken bilih sadaya tiyang ngajengaken berkah ingkang saking Gusti. Dipunberkahi sadaya punapa ingkang dados ancas lan tujuwanipun supados manggih gangsar, prayogi sarta wilujeng. Juru Masmur mratelakaken bilih berkahing Allah punika kaparingaken dhateng umat ingkang manahipun tansah ngabekti. Ngabekti dhateng Gusti kanthi manah ingkang ering lan pitados. Sadaya tiyang ingkang manut mituhu dhateng Gusti, badhe dipunberkahi. Sanadyan wonten ing pagesangan tiyang ingkang ngabekti taksih kedah mrangguli sakathahing karibedan lan masalah; boten ateges ugi ing ngajeng gesangipun boten wonten pepalang; boten ateges langiting gesang mesthi padhang boten nate mendhung; nanging Gusti tansah ngengeti gesangipun para umatipun. Umatipun boten badhe dipun tilar lan dipun tegakaken ngalami kathahing panandhang. Berkahipun Gusti ndadosaken umat pinanggih wilujeng nir ing sambekala. Tiyang ingkang ngabekti kanthi manah ingkang eklas lan pitados boten badhe lola lan kapiran gesangipun. Kados paribasan jawi “berkah iku tumumpang ing gawe”, ingkang estu-estu mbangun turut mesthi dipunberkahi. Ing sadhengah kawontenan, dadosa punika sisah menapa dene bingah, sakit lan dhangan, kirang lan luber, tiyang ingkang ngabekti tansah muji sokur lan bingah awit gesangipun tansah dipunberkahi dening Gusti. |*DAS
Semangat Baru, Harapan Baru: GKJ Sentolo Sambut Pendeta Baru Vicky Tri Samekto!
Ibadah penahbisan Pendeta Vicky Tri Samekto, S.Th. menjadi pendeta kedua setelah Alm. Pdt. Gogod Sapta Adi di GKJ Sentolo berlangsung hikmat dan lancar pada hari Minggu, 11 Mei 2024. Acara yang dipimpin oleh Pdt. Ch. Edy Mulyanta, M.Th. ini dihadiri oleh segenap jemaat dan para pendeta dari berbagai wilayah. Sebelum penahbisan, Vikaris Vicky – putra Alm. Pdt. Em Yoseph Harjo Syarono (GKSBS) – memohon restu kepada ibunya, Maria Khatarina Suminah. Suasana haru menyelimuti ruang ibadah saat itu, terutama bagi Kristina Permatasari, istri Pendeta Vicky, yang baru saja menjadi ibu beberapa hari sebelum penahbisan suaminya. Usai ibadah penahbisan, dilanjutkan dengan ramah tamah yang dihadiri oleh berbagai tamu undangan, termasuk perwakilan pemerintah setempat, badan Masyarakat Kristen Kanwil DIY, pemerintah desa, Rt dan Rw setempat, Badan Pelaksana Klasis Kulon Progo, wakil dari klasis tetangga, para pendeta sahabat Pendeta Vicky, dan seluruh jemaat GKJ Sentolo. Acara ramah tamah dimeriahkan dengan penampilan tarian daerah Senotolo oleh anak-anak sekolah minggu GKJ Sentolo. Dengan penahbisan Pendeta Vicky karya kasih Tuhan di dunia ini semakin nyata dan dapat menjangkau lebih banyak orang
Senen, 13 Mei 2024 Minggu Paskah VII
Pangentasan 28:29-38; Jabur 115; Filipi 1:3-11 TANSAH KEMUTAN “ Saben aku kèlingan kowé, aku saos sukur marang Gusti Allah.” (Filipi 1:3 ) Wonten paribasan “sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kewan”. Paribasan punika ngemot pangertosan ingkang kirang langkungipun ngatag supados saged ngaosi kabecikan sanadyan sakedhik. Punapa malih adegipun tiyang Jawi punika babagan kabecikan sampun dados kalimrahan. Tansah ngudi damel senengipun tiyang sanes lan sampun ngantos natoni manahipun asanes. Punika saged dipun buktekaken menawi nembe bingah utawi sedhih mesthi malah ngawontenaken sukuran kaliyan sadherek lan tetanggi. Tansah emut dhateng sadherek lan asanes tanpa mbeda-mbedakaken, supados ugi sami ngraosaken bingahipun. Rasul Paulus tansah emut dhateng kasaenanipun pasamuwan ing kitha Filipi, ing pundi pasamuwan tansah nandukaken katresnanipun srana paring pambiyantu dhateng ayahaning peladosanipun supados tuwuh ngrembaka. Sadaya sami nindakaken kabecikan lan katresnan ingkang ngedab-edabi, kamangka pasamuwan Filipi punika kapetang sanes pasamuwan ingkang sugih bandha, nanging omber manahipun. Omber kangge mbabar katresnan saha kabecikanipun. Awit saking sadaya punapa ingkang sampun pasamuwan Filipi punika paringaken, ingkang ndamel rasul Paulus tansah kemutan lan ndongakaken. Wonten pamanggih “yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu, yen sira gawe kabecikan tulisen ing lemah”. Yektosipun punika ngengetaken dhateng kita supados emut dhateng kasaenanipun tiyang sanes lan boten ngemuti kasaenan kita piyambak. Ingkang pinanggih punika tumindak ingkang tanpa pamrih lan duweni raos bales budi. Sumangga sami ngemuti kasaenanipun Gusti lan asanes tumraping gesang kita. Satemah ingkang kita tindakaken punika estu-estu resik tanpa pamrih punapa-punapa. Dados tiyang kristen ingkang saged nyimpen ingkang sae lan mbucal perkawis ingkang boten sae. Kasaenan kita kaserata ing lemah, dene kasaenanipun asanes wonten ing watu. Tansah emut perkawis ingkang sae. |*DAS
Ahad, 12 Mei 2024, Minggu Paskah VII
Lelakone para rasul 1: 15-17,21-26; Jabur 1; 1Yokanan 5:9-13;Yokanan 17:6-19 PUGUH ORA RAPUH “Tiyang-tiyang menika mugi Paduka sengker dados kagungan Paduka piyambak, srana kayektosan Paduka. Pangandika Paduka menika kayektosan.” (Yokhanan 17:17) Paribasan “kena iwake aja nganti buthek banyune”, tegesipun ngarah gegayuhan sampun ngantos damel reged kawontenan. Niyat ingkang sae kedahipun ndhatengaken kasaenan. Gesang punika kathah reribed lan karuwetan, kadosta wontenipun sesakit, kabetahan sarta masalah. Satemah saged ndadosaken manah dados buthek. Manah ingkang buthek temtu boten saged ningali satunggaling perkawis kanthi permana lan sae. Ingkang ketingal malah sarwa awon. Ing wekasanipun niyat ngrampungaken masalah malah dados nambahi masalah. Yokanan 17:6-19 mujudaken satunggaling pérangan saking pandonganipun Gusti Yésus ingkang katujokaken kanggé para murid. Para murid ingkang kautus lelumban ing samadyaning gesang badhe ngadhepi godha lan pacoba, temtu boten kuwawi ngadhepi piyambakan. Napaki wekdal-wekdal ing ngajeng boten gampil, kedah alandhesan kapitadosan saha pangajeng-ajeng ingkang puguh. Sanadyan donya punika isinipun buthek nanging para murid saged nampi sadayanipun punika kanthi manah ingkang tetep resik. Kanthi makaten para murid saged ngudhari ruwet rentenging gesang ing donya punika tanpa damel saya buthek kawontenanipun. Gegayuhan kangge nggelaraken sih rahmatipun Allah dhateng donya saged kalampahan kanthi prayogi. Gesangipun para murid saya katingal minangka seksi ingkang puguh, boten gampil rapuh punapa mealih ngantos rubuh. Dadosa tiyang Kristen ingkang puguh lan boten gampil rapuh awit godhaning jaman. Tetep puguh niyatipun kangge mbabaraken kasaenan lan katresnan supados tentrem rahayu saged mawujud ing tengahing pagesangan. Menawi kawontenan donya punika dipun tampi kanthi manah ingkang resik mesthi saged ningali lebetipun lan saged nemu iwakipun. Menawi manah sampun buthek boten badhe manggih iwakipun. Puguh atine, mesthi kena iwake. |*DAS






