+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 5 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII

II Samuel 12:15-25; Jabur 50:16-23; Efesus 4:17-24

TITAH ANYAR

Supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu”

(Efesus 4:23)

Sinareng manungsa ngadhepi ruwet-rentenging gesang ingkang awrat, punika saged njalari ewah-ewahan. Sewau dados tiyang sae, saged kemawon dados tiyang ingkang awon. Sewau dados tiyang sabar, saged kemawon dados brangasan. Punika ingkang dados wigatining pangandikanipun Gusti  dhateng pasawuwan ing Efesus kala semanten. Pasamuwan ing Efesus kauji sipatipun ingkang saemper kaliyan Sang Kristus. Aben ajeng kaliyan tiyang ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah, ingkang gesangipun manut hawa nepsu, ingkang remen nyenyolong, ingkang remen ngapusi, remen tukaran, mitenah.  “supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu” ngemu teges bilih sasampunipun ngrasuk kamanungsan ingkang anyar, sampun ngantos nilaraken kamanungsan anyaripun lan wangsul dhateng kamanungsan lami.

Kenging punapa kita kedah madeg dados titah anyar? Awit Gusti Allah ingkang njamin lan maringi ingkang kita betahaken ing pagesangan punika. Tanggel jawab kita minangka tiyang pitados inggih punika tetep njagi kawilujengan ingkang sampun kita tampeni. Lan sampun sakmesthinipun kita mboten ngginakaken cara gesang kamanungsan lami ananging gesang miturut panuntunipun Roh Suci.

Gusti Allah ndadosakan kita anyar ing sadhengah perkawis, inggih anyar ing roh lan pikiran, pikajeng, karsa lan pangraos. Satemah minangka titah anyar kedah ngetingalaken ewah-ewahan wonten ing sikep, tingkah laku lan tata gesang anyar ingkang ndhatengaken kaurmatan lan kamulyanipun Gusti, dados tuladha lan panutan tumrap sesami sarta dados berkah tumrap sedaya titah.

Tiyang pitados ingkang sampun nilaraken kamanungsan lami kababar ing tumindakipun, kedah terus kaanyaraken wonten gesang ing pamratobat, Lan tansah nyenyuwun supados ing saben dintenipun kaanyaraken miturut karsanipun Gusti lan mbudidaya nilaraken gesang ingkang lami. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *