II Samuel 11:26-12:13a; Jabur 51:3-14; Efesus 4:1-16; Yokanan 6:24-35
TETEDHAN INGKANG LANGGENG
“….Satemene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iki
ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha
mangan roti nganti wareg” (Yokanan 6:26)
Kathah tiyang nggadhahi motivasi ingkang mawarni-warni anggenipun ndherek Gusti Yesus. Wonten ingkang amargi pamratobat ingkang tumemen, ananging saged ugi amargi kabetahanipun sacara kadonyan kadosta pados jodho, masalah ekonomi, sesakit lan sanes-sanesipun. Tundhanipun mboten gadhah pilihan sanes kejawi madosi Gusti Yesus saksampunipun donya mboten saged ngrampungaken perkawis punika. Dados madosi Gusti awit kepengin pikantuk “tetedhan kadonyan” ingkang asipat sawetawis, mboten amargi kepengin “tetedhan ingkang langgeng”. Limrahipun sasampunipun kebetahan “tetedhan kadonyan” punika sampun kacekapan lajeng nilaraken Gusti Yesus, wangsul dhateng pagesangan ingkang lami.
Waosan Injil dinten punika nedahaken bilih kathah tiyang sami madosi Gusti Yesus kanthi mawarni-warni alesan. Kathah tiyang mangertos bilih Gusti Yesus sanes manungsa limrah awit nindakaken kathah mukjijat lan pakaryan ingkang elok. Punapa malih Gusti Yesus nate nindakaken mukjijat maringi tetedhan tumrap 5000 tiyang namung ngagem gangsal roti lan kalih ulam. Pramila Gusti Yesus ngandika “…kowe padha nggoleki Aku iki ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.” (Yok 6:26).
Pangandikanipun Gusti punika ngengetaken dhateng kita kangge niti priksa punapa motivasi ancas tujuaning gesang kita nalika kita sowan dhateng Gusti Yesus. Sejatosipun pakaryan elok lan mukjijat ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika dados pratandha ingkang kita pitadosi bilih Panjenengane punika Allah ingkang sejati lan sumbering pagesangan kita. Kita saged sowan dhateng Gusti kangge nyuwun pitulungan, mboten namung mburu kabetahan kita kacekapan. Gusti Yesus langkung aji tinimbang sedaya berkah ingkang kita tampi. Ingkang wigati inggih punika pitados saha mitadosaken gesang dateng Panjenengane lan ngraosaken gesang langgeng wonten ing Panjenengane. |*SAR