Para Hakim 6:1-10; Jabur 51:3-14; Mateus 16:5-12
JUMAGA LAN WASPADA
“Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah
Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang
sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake
marang dhawuhingSun.” (Para Hakim 6:10)
Sesrawungan kaliyan tiyang kathah punika saged njalari kita nggadhahi pengalaman ingkang ngremenaken, ananging ugi kosokwangsulipun pengalaman ingkang mboten ngremenaken. Pramila, sikep jumaga lan waspada ing salebeting sesrawungan kaliyan tiyang dados perkawis ingkang wigati.
Bangsa Israel nglampahi gesang mboten jumaga lan waspada tumrap gesanging sesarengan ing satengahing bangsa Amori. Ngabekti dhateng para allahipun bangsa Amori lan sikep punika njalari bangsa Israel mboten nggatosaken lan ngestokaken pangandikanipun Gusti (ayat 10), temahan bangsa punika ngalami panindhes lan kemlaratan. Awit kawontenan mekaten, bangsa Israel lajeng sesambat dhumateng Gusti.
Pengalamanipun bangsa Israel punika ngengetaken dhateng kita sedaya umatipun Gusti Yesus, anggen kita gesang sesarengan kaliyan masyarakat supados kita saged ngendhani pangaribawa ingkang mboten sae ing bab piwulang, tata gesang lan kapitadosan. Pangandikanipun Gusti Yesus ing Matius 16:6 mekaten: “….Padha sing awas, sing padha ngati-ati bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!” Dhawuh punika ngengetaken supados jumaga lan waspada tumrap piwulang sanes ingkang njalari tuwuhipun pengaruh mboten sae lan ngrisak ing salebeting gesang lan kapitadosan kita. Mboten ateges kita kedah nyalawadi/curiga dhateng sedaya tiyang, ananging kita prelu sinau terus anggen kita ngiyataken kapitadosan lan sesaged-saged kita gesang ing lingkungan ingkang sae supados slamet saking pangaribawa ingkang awon lan ngrisak moral.
Kasagahan kita nggatosaken lan ngestokaken pangandikanipun Gusti ing gesang padintenan badhe nuntun kita ngindhakaken sikep jumaga lan waspada sarta nuntun kita ing pagesangan ingkang sae wonten ing satengahing gesang sesarengan kaliyan tiyang kathah. |*SAR