Yusak 23:1-16; Jabur 51:3-14; I Korinta 11:27-34
MANTEP NDHEREK GUSTI
“Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu” (Yusak 23:11)
Perjuangan ngrebat lan nglenggahi tanah Kanaan sampun rampung. Punapa ingkang nate dipun prasetyakaken dening Gusti dhateng para leluhuripun bangsa Israel sampun dipun jangkepi. Malah mboten wonten setunggal kemawon saking sedaya prasetyanipun Gusti ingkang mboten dipun tindakaken. Yusak sampun nglampahi sedaya jejibahanipun kanthi sae inggih punika mbekta umat Israel mlebet dhateng Kanaan lan manggen ing nagari punika. Dumugi wancinipun Yusak pepisahan awit sampun sepuh sanget lan wekdalipun sampun mboten dangu malih (ayat 14). Karana mekaten, piyambakipun ngaturaken pidato pepisahan. Pidato ingkang mboten biasa. Pidato Yusak katulis ing pasal punika estu wigati sanget. Mboten namung kangge bangsa Israel ing wekdal samanten, ananging wigati ugi kangge kita ing wekdal samangke. Wigatinipun pidato Yusak punapa?
Satunggal, netepi lan nglampahi angger-anggeripun Gusti lumantar nabi Musa, mboten nyimpang mangiwa utawi manengen (ayat 6). Kalih, mboten sesrawungan kaliyan bangsa sanes ing tengah-tengahing bangsa Israel, supados mboten nilar Gusti lan nyembah dhateng para allah sanenispun (ayat 7). Tiga, mantep ndherek lan nresnani Gusti (ayat 11). Menawi umatipun Gusti mboten nglampahi sedaya pepaken punika, paukumanipun Gusti tamtu badhe katampi. Inggih punika sepisan, sesrawungan kaliyan bangsa sanes badhe dados bebaya lan jiret, dados pecut tumrap lambung, lan dados klilip ing mripat (ayat 13). Kalih, bangsa Israel badhe katumpes sirna saking tanah ingkang sae (ayat 13) lan Gusti Allah badhe duka (ayat 16).
Ngendikanipun Yusak punika taksih cocok kaliyan kawontenan lan gesang karohanen kita samangke. Menawi kita kepengin nampeni sedaya ingkang sae saking Gusti, sumangga kita inggih tansah mantep anggen kita nresnani Gusti, nindakaken pangandikanipun kanthi setya lan mboten kelu kaliyan panggodha donya. Prasetyanipun Gusti tamtu kelampahan menawi kita nglampahi sedaya pepaken saha dawuhipun Gusti kanthi setya. |*SAR