+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 6 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII

II Samuel 13:1-19; Jabur 50:16-23; I Korinta 12:27-31

TRESNA UTAWI HAWA NEPSU?

Wasana Pangeran Amnon katuwuhan rasa sengit kang luwih banget

marang Sang Putri, malah rasane sengit ngluwihi rasane remen marang

kang rayi ing sadurunge. Pangeran Amnon ngandika marang Sang Putri: “Ngadega lan lungaa!” (II Samuel 13:15)

Tresna punika raos positif ingkang kiyat ing salebeting manah. Hawa nepsu punika pepenginan ingkang kiyat kangge maremaken badanipun piyambak. Para nem-neman asring angel mbedakaken kekalihipun. Tresna njalari kasaenan sedayanipun, ananging hawa nepsu namung njalari raos marem sawetawis ingkang pungkasanipun raos getun.

Pangeran Amnon ngalami kados mekaten. Piyambakipun nandhang wuyung ngantos gerah. Ingkang dados perkawis inggih punika piyambakipun tresna dhateng rayi kewalonipun, Tamar. Pangeran Amnon mboten mbudidaya ngendhaleni dhiri, nyirep hawa nepsunipun ananging malah crita dhateng Yonadab ingkang pinter ananging moralipun mboten sae. Akibatipun wonten skandal ing karajan, Pangeran Amnon ngruda peksa Tamar.

Punapa selajengipun ingkang kelampahan? Pangeran Amnon ingkang sewaunipun tresna sanget dhateng Tamar, dumadakan dados sengit sanget lan kasar dhateng Tamar. Sasampunipun pepenginanipun kalaksanan, raos tresna dumadakan gantos sacara drastis. Nyatanipun sanes tresna, ananging hawa nepsu. Hawa nepsu saged memba dados tresna. Tandhanipun raos ingkang kita anggep tresna punika mboten preduli dhateng nilai-nilai kaleresan  lan mboten preduli sinaosa tresna punika dhasaripun klentu. Kathah tiyang rumaos tresna sanget nanging nyatanipun dipun dhasari namung  kapincut dedeg, pasuryan, lan kasugihan. Dene tresna adhedhasar perkawis punika njalari gampil luntur lan ical. Amargi katresnanipun tega tumindak awon, rila nilaraken kapitadosanipun, rila nyenyolong utawi korupsi, lsp. Katresnan ingkang dipun dhasari kanthi perkawis ingkang salah mboten badhe langgeng, pramila sumangga kita nggadhahi tresna ingkang suci lan tulus, ingkang dhasaripun ugi suci lan tulus. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *