II Samuel 13:20-36; Jabur 50:16-23; Markus 8:1-10
SENGIT
“… Pangeran Absalom ngrendhem sengit banget marang Pangeran Amnon, awit saka anggone masesa marang kang rayi Tamar.”
(II Samuel 13:22)
Raos sengit punika reaksi emosi negatif ingkang tuwuh ing manah. Jalaranipun sengit, kados ta dipun remehaken, dipun lecehaken, dipun khianati utawi perlakuan mboten adil. Raos sengit saged kemawon mboten ketingal dening tiyang sanes awit dipun pendhem ing salebeting manah. Sengit punika mbebayani. Sengit dados akar pait ingkang alon-alon tuwuh lan ngrembaka sarta menawi kababar saged nuwuhaken dredah. Awit pangrudapeksanipun Amnon dateng Tamar, Absalom kangmasipun Tamar nyimpen raos sengit dhateng Amnon (ayat 22) punapa malih keng ramanipun, Sang Prabu Dawud mboten ngukum Amnon sacara adil. Saksampunipun kalih tahun, sengit ing manahipun Absalom mboten ical. Absalom ngantu-antu wekdal kangge males kanthi ngrancang patinipun Amnon. Nalika pahargyan ing Baal-Hazor, Absalom mrentahaken tiyangipun kangge mejahi Amnon. Sasampunipun punika kelampahan, piyambakipun lajeng mlajar, ngungsi dhateng kratonipun Prabu Talmai, ratu ing tanah Gesur kangge ngendhani paukuman saking keng rama.
Minangka tiyang ingkang sakit manahipun, limrah menawi Absalom duka. Emanipun raos dukanipun mboten dipun rampungi temah malih dados sengit lan sengit punika njalari rajapati. Mila kita kedah waspada menawi manah kita sakit amargi tumindak ingkang mboten adil utawi ngalami kuciwa. Manah punika “punjering” gesang kita. Pramila menawi ing salebeting manah kita wonten raos sengit, kedah kita rampungaken sacara tuntas kanthi kasadiyan kangge ngapunteni lan mulihaken sesambetan. Ugi nggadhahi sensitivitas kangge niti priksa lan ngrampungaken akar-akar kepaitan wonten ing manah kita. Kanthi ngengeti pangapuntening dosa ingkang sampun kita tampi saking Gusti Yesus, kita sinau ngapunten ingapunteni tiyang sanes ingkang njalari manah kita sakit. |*SAR