Pangentasan 32:19-26a; Jabur 51:3-14; I Korinta 11:17-22
WASPADA TUMRAP BRAHALA
“Cariyosipun dhateng kula mekaten: Kula mugi panjenengan damelaken
allah ingkang badhe tindak wonten ngajeng kula, awitdene Musa
ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir,
kula boten sumerep kedadosanipun.” (Pangentasan 32:23)
Punapa kemawon ingkang dipun gung-gungaken, pinuja-puja lan dipun sembah ingkang nglangkungi pepuja lan panembah dhumateng Gusti Allah ingkang maha kawasa saged kawastanan brahala. Brahala punika boten namung awujud reca utawi patung utawi barang, ananging saged ugi tokoh idola, pamimpin ingkang wicaksana, tokoh agama, pacar, rencang, semah punika nggadhahi kecenderungan dados brahala menawi kita mboten waspada. Ateges raos lan sikep gumantung sacara batiniah dhateng punapa kemawon ingkang nglangkungi raos lan sikep gumantung dhumateng Gusti Allah
Mekaten ingkang dipun lampahi umat Israel kala semanten. Sasampunipun panganthi lan panuntunipun Gusti Allah ingkang ngedab-edabi wonten ing lampahing bangsa Israel luwar saking tanah Mesir, akarya lan nyembah dhateng reca anak lembu emas. Sejatosipun punapa ingkang njalari umat Israel tumindak mekaten? Alesanipun amargi mboten tahan anggenipun nyrantos Nabi Musa mandhap saking gunung Sinai. Umat Israel rumaos kuwatir lan bingung awit mboten mangertos kawontenanipun Nabi Musa. Ing ngriki ketingal bilih sejatosipun umat Israel gumantung sanget dhateng sosok Nabi Musa.
Saking umat Israel punika kita saged sinau supados kita waspada tumrap brahala-brahala ing satengahing donya punika. Sampun ngantos raos lan sikep gumantung kita dhumateng Gusti dipun kawonaken kaliyan punapa ingkang wonten ing donya punika. Jer sedaya ing donya punika namun sarana supados kita langkung gumantung manembah lan gumantung dhumateng Gusti. 1 Yokanan 5:21 ngengetaken “He, anak-anak-Ku, sing padha waspada marang sakehe brahala”. Sumangga kita ngindhakaken sikep waspada, kanthi nggadhahi kapitadosan lan panuntunipun Sang Roh Suci kangge mbedakaken lan nyingkiraken. Mugi berkahipun Gusti tansah ngrimati gesang kita. Amin. |*SAR