Kabar gembira datang dari Gereja Kristen Jawa (GKJ) Mergangsan, Yogyakarta. Pada hari Rabu, 1 Mei 2024, GKJ Mergangsan telah resmi menahbiskan pendeta barunya, Vikaris Kris Nur Cahyani, S.Si, dalam sebuah ibadah pentahbisan yang khidmat. Ibadah pentahbisan ini dipimpin oleh Pdt. Bambang Sumbodo, S.Th, M.Min dan Pdt. Hendra Kurniawan S.Th. Dalam khotbah sulungnya, Pdt. Kris Nur Cahyani, S.Si, menyampaikan pesan penting tentang “Hati Sebagai Hamba” berdasarkan Ibrani 5:1-5.“Hati Sebagai Hamba” itulah judul yang dipilih dalam khotbahnya. Memiliki hati sebagai seorang hamba berarti bersedia merendahkan diri dan taat kepada Allah yang mengutusnya. Seorang hamba Tuhan tidak seharusnya mencari keuntungan dan kemuliaan bagi dirinya sendiri. Kesetiaan seorang hamba diperhitungkan di hadapan Allah, bukan hanya karena karya pelayanannya tetapi juga kesalehan dan kerendahan hatinya. Penahbisan Pdt. Kris Nur Cahyani ini merupakan momen bersejarah bagi GKJ Mergangsan, menandakan dimulainya era perjalanan baru yang diharapkan membawa semangat baru bagi jemaat. Acara pentahbisan ini juga dihadiri oleh berbagai tamu undangan, termasuk perwakilan Bapelsin XXIX GKJ, para pendeta, Pejabat Walikota Yogyakarta, Jajaran Forkompimda Kota Yogyakarta, Forkompmtren Kemantren Mergangsan, dan Pembimas Kristen Kementerian Agama. Selamat kepada Jemaat GKJ Mergangsan, Selamat kepada Pdt. Kris Nur Cahyani, S.Si.Melangkah bersama dalam kebersamaan jemaat milik Tuhan untuk terus menjadi berkat dalam spirit “hati sebagai hamba”VisitatorPdt. Lintang Anggraeni.
Berita Duka : Pdt. Em. Natanael Sih Pujiono, GKJ Demak
Telah berpulang ke Rumah Bapa di Sorga dengan penuh damai sejahteraBpk. Pdt. Em. Natanael Sih Pujiono, S.PAK., M.Min. GKJ DemakDi RSUD Sunan Kalijaga Demak pukul 10.12 WIB Mohon dukungan dan Doa Kiranya Tuhan Yesus memberikan kekuatan serta penghiburan bagi seluruh keluarga yang ditinggalkan.
Slasa, 7 Mei 2024 Minggu PAskah VI
Pangandharing Toret 11: 1 – 17; Jabur 93; I Timotius 6 : 13-16 LAKONANA LAN JAGANEN “Pituturku iki lakonana lan jaganen, supaya tetep murni tanpa cacad, nganti tekan Dinané Gusti Yésus Kristus rawuh.” (I Timotius 6: 14) Tontonan ledhek kethek mesthi dipun remeni badhea punika lare alit punapa dene ingkang diwasa. Ledhek kethek punika satunggaling tradisi ingkang sampun lumampah wiwit jaman rumiyin, lan samangke taksih saged kita panggihi wontening prasekawanan bangjo. Kethekipun diuger mawi rante lan dipun kendhaleni salah satunggaling tiyang. Dados kethek punika boten saged mlajar tebih lan manut dhateng saprentahipun tiyang ingkang ngendhaleni. Menawi ingkang ngendhaleni sanjang “sarimin menyang pasar sakal punika kethekipun mendhet tas blanjan sambi nyekeli payung lan taksih kathah sanesipun. Kethek wau manut prentah amargi dipun kendhaleni dening bendaranipun. Ledhek kethek punika kados gegambaranipun manungsa dosa ingkang dipun kendhaleni dening kwasanipun dosa. Ingkang dipun tindakaken ingkang awon lan saumpami dipun tangleti sebabipun tumindak awon, wangsulanipun gampil, inggih punika khilaf lan boten nyadhari. Rasul Paulus ngengetaken Timotius supados gesangipun tansah nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Sampun ngantos dhawuhipun Gusti dipun supekaken punapa malih dipun lirwakaken. Tujuwanipun punika supados gesangipun Timotius punika tetep pinanggih murni tanpa cacad ngantos rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalihipun. Timotius kedah setya ngestokaken sarta njagi kawiulujengan ingkang sampun dipuntampi saking piwulang ingkang nasaraken. Boten awrat ngestokaken lan njagi punika. Awit menawi gesang dipun kuwaosi dening Roh Suci sampun mesthi saged nut miturut lan ingkang dipun tindakaken punika kasaenan. Ananging punika dados awrat menawi ingkang ngendhaleni si dosa, boten saged manut dhawuhpun Gusti lan ingkang mijil tumindak awon lan cengkah. Wekasan gesangipun sampun boten murni lan kathah cacadipun. Mugi Sang Roh Suci mitulungi kita supados tansah nindakaken dhawuh saha karsanipun Gusti, satemah kawilujengan peparingipun Gusti tansah saged kajagi. |*DAS
Senen, 6 Mei 2024 Minggu Paskah VI
Pangandharing Toret 7 : 1 – 11; Jabur 93; I Timotius 6 : 11-12 PAMBALAPANING IMAN “Mlayua ngetog karosanmu ana ing pambalapaning iman, lan nggayuha marang urip langgeng. Sebab iya kanggo urip langgeng kuwi enggonmu katimbalan nalika kowé biyèn ngucapaké pangakumu kang becik bab precayamu ana ing ngarepé seksi-seksi akèh” (I Timotius 6:11-12) Dados atlet lari jarak jauh punika boten gampil amargi kedah mlajar jarakipun tebih. Saben altet boten cekap namung saged mlajar, ngetogaken karosanipun ananging ugi mbetahaken kekiyatan ing pambalapan ngantos purna ing garis wekasan. Ingkang tahan, rikat lan kiyat ing pambalapan dumugi garis wekasan ingkang badhe dados juwaranipun. Samanten ugi tiyang pitados gesang ing donya punika kados atlet lari jarak jauh. Sinten ingkang kiyat, rikat lan tahan uji ingkang badhe dados juaranipun. Gesanging kapitadosan kita punika kadosdene pambalapaning iman lan nggayuh ingkang langgeng minangka tujuan ingkang wekasan. Sampun limrah ing donya kemawon dherek pambalapan tansah ngarah hadiah ingkang utama lan ageng, saged punika wujudipun arta lan sanesipun. Sanadyan awrat lan rekaos mesthi tetep dipun lampahi. Kados makaten ugi tiyang Kisten wonten ing pambalapaning iman kedah purun ninggal samukawis ingkang ngreridu supados playunipun entheng lan rikat, ngetog kakuwatanipun nglawan godha lan pacoban, lan tansah setya dugeng garis wekasan. Sampun kathah tiyang ingkang katingalipun kiyat ing ngajeng nanging tembenipun sami kawon lan nyerah, boten saged mungkasi tetandhinganipun kanthi sampurna. Ingkang kiyat, rikat lan tahan nglampahi mesthi badhe dumugi ing garis wekasan lan dados juwara. Ingkang dados gegayuhanipun punika sanes perkawis kadonyan ingkang nglaha lan sakedhap netra, ananging perkawis ingkang utama inggih punika gesang ingkang langgeng. Sumangga kita miwiti kanthi niyating manah ingkang lurus sarta boten remen ingkang neka-neka, tansah mantheng tekad lan ngeneraken lampah supados boten kesasar saking arah tujuwan kita, inggih punika gesang langgeng peparingipun Gusti. Kita mesthi kiyat nglewati kathahing panggodha lan erining pagesangan dugeng wekasan. Pitadosa, Gusti tansah nuntun lan mitulungi kita. Amin. |*DAS
Ahad, 5 Mei 2023, Minggu Paskah VI
Lelakone Para Rasul 10:44-48; Jabur 98; 1 Yokanan 5: 1-6, Yokanan 15: 19-17 ANDUM KATRESNAN “Anggon kita nresnani para putraning Allah, iku titikane menawa kita padha tresna marang Gusti Allah lan netepi pepekone” ( 1 Yokanan 5:2 ) “Aja cedhak kebo gupak”, tembung punika ateges sampun ngantos kita nyelak tiyang ingkang lampah ala utawi dosa, awit mangke kita kelu ing tumindak dosa. Pitembungan kala wau sejatosipun badhe ngengetaken supados kita njagi gesang kita tetep resik lan ngener ing kabecikan. Ananging pitembungan punika malah asring ndadosaken kita kajiret ing pamanggih ingkang klentu, rumaos suci lan saleh, mboten purun srawung kaliyan tiyang sanes ingkang kawawas dosa punapa dene ingkang beda kaliyan kita. Punika mboten laras kaliyan peladosan ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus. Gusti Allah rawuh ing donya manjalma minangka manungsa ing dhiri Gusti Yesus kangge mbabar katresnan tumrap sedaya tiyang. Gusti Yesus sampun ngurbanaken dhiri minangka kurban panebusing dosa kangge sedaya tiyang lan sedaya bangsa, sae ingkang tumindak becik punapa dene ingkang tumindak dosa. Gusti Allah nresnani kita mboten karana kita tumindak resik lan sae, ananging sedaya punika awit sih katresnanipun Gusti Allah ingkang langkung ageng. Gusti Allah ing Sang Kristus punika Allah ingkang kebak sih rahmat, kita tiyang dosa kawilujengaken supados kita nampeni gesang langgeng. Pramila minangka tiyang ingkang sampun nampeni sih rahmatipun Gusti, mugia nggadhahi raos katimbalan kangge andum katresnanipun Gusti dhateng sesami ingkang dereng wanuh. Kita ugi katimbalan nyaketi tiyang ingkang kawawas asor, nistha lan dosa, mboten supados kita kelu ing tumindak dosa ananging supados kita saged ngrengkuh lan paring wewarah ing tumindak kaleresan. Sumangga kita nuladha Sang Kristus sumbering katresnan ingkang tansah paring kawigatosan dhumateng sesami, madosi sesami ingkang kesasar, kanthi njagi prasetya kita dhumateng Gusti Yesus. |*DAS
Setu, 4 Mei 2024 Minggu Paskah V
Pangandharing Toret 32:44-47; Jabur 98; Markus 10:42-45 GESANG INGKANG MAEDAHI ” Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.” ( Markus 10:45 ) Wit-witan ingkang tuwuh ageng lan ngrembaka sejatinipun nggadhahi paedah ingkang kathah tumrap lingkunganipun. Ing wanci siyang wit-witan ngasilaken oksigen kangge kita ambegan, saged dados tetedhan kangge manungsa lan sato kewan, saged dados sarangipun peksi ing wanci dalu, lan sapiturutipun. Mekatena ugi gesangipun manungsa, minangka titah ingkang karipta langkung endah lan sampurna, sejatinipun manungsa ugi kedah ndadosaken gesangipun, dados gesang ingkang maedahi tumrap sesami lan lingkunganipun. Saderengipun Gusti Yesus mungkasi peladosanipun ing donya, Gusti Yesus tansah paring piwulang dhateng para sekabatipun punapa dene para pendherekipun ing babagan iman lan tanggel jawabipun tiyang pitados. Gusti Yesus paring gegambaran kadospundi anggenipun manungsa ing donya punika nglampahi gesangipun. Saben manungsa mburu kamareman dhiri, kepingin dipun urmati lan dipun ladosi. Patrap gesang kalawau katepis dening Gusti Yesus, kanthi paring pangeget dhateng para sakabat bilih tiyang pitados katimbalan dados abdi ingkang masrahaken gesang kangge lelados dhateng sesami, mboten dipun ladosi. Ing ayat nas punika Gusti Yesus ngandika: “Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.“ Pangandikanipun Gusti Yesus cetha sanget lan saestu paring patuladhan nyata kangge kita. Nglampahi gesang minangka putranipun Gusti ateges kita purun nuladha lampahipun Gusti Yesus inggih lampah gesang ingkang masrahaken dhiri kangge lelados maring sesami. Kados dene wit-witan ingkang tuwuh lan maedahi, makatena ugi gesang kita. Sedaya kasagedan ingkang wonten ing dhiri kita, sampun samesthinipun kita dadosaken piranti ngluhuraken asmanipun Gusti Allah, kanthi andhap asoring manah, lelados tumrap sesami. |*DAS
Jemuwah, 3 Mei 2024 Minggu Paskah V
Yesaya 42:5-9; Jabur 98; Lelakone Para Rasul 10:34-43 NGRENGKUH SEDAYA TIYANG “Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sedaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah” (Lelakone Para Rasul 10:42) Pakaryanipun Gusti Yesus ing kajeng salib ingkang sampun kaweca dening Nabi Yesaya, punika wujuding Gusti nresnani lan ngrengkuh sedaya tiyang dosa. Ngrengkuh sedaya tiyang supados mangertos pakaryan kawilujengan saking Gusti Allah tansah kedah kawujudaken. Kawilujengan saking Gusti Yesus mboten namung winates kangge bangsa Yahudi kemawon, nanging kangge sedaya bangsa. Punika ugi ingkang dipun lampahi dening para sekabatipun Gusti Yesus, rikala martosaken Injiling Gusti. Bab punika saged kita mangertosi saking kotbahipun rasul Petrus dhumateng Kornelius lan brayatipun. Punapa ingkang dipun tindakaken Petrus punika nglebur pranatan ingkang sampun turun-tumurun kelampahan ing gesangipun bangsa Yahudi. Rasul Petrus minangka tiyang Yahudi ugi sinau ngatasi sikep utawi lampah gesang rasialipun, (sikep ingkang ngunggulaken golonganipun, mbedak-mbedakaken tiyang saking asal bangsanipun ) kanthi purun nampi lan ngladosi Kornelius minangka sesami ingkang dipun tresnani dening Allah. Petrus ugi ngrumaosi timbalanipun minangka muridipun Gusti Yesus kangge martosaken kawilujengan tumrap sedaya tiyang. Minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita ugi nggadhahi tanggel jawab kangge ngrengkuh sedaya tiyang, mirungganipun dhateng sesami ingkang beda kaliyan kita. Pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus sageda katampi dening tiyang sanes. Punika kita lampahi kanthi tumindak nyata ing gesang padintenan, inggih punika anggen kita purun ngrengkuh sedaya tiyang kanthi kebaking katresnan. Prekawis punika saged kalampahan ing salebeting kita kanthi mbangun pasrawungan kaliyan sesami tanpa ningali asalipun utawi golonganipun. |*DAS
Berita duka: telah berpulang ke rumah Bapa disorga Pdt. Em. Yohanes Sukardi
Berita duka: telah berpulang ke rumah Bapa disorga Pdt. Em. Yohanes Sukardi (GKJ Adireja-Adipala) Pada hari Rabu 1 mei 2024 pukul 00.45 WIB di RS Bethesda, Yogyakarta Ibadah Pelepasan : Hari Kamis 02 Mei 2024 Pukul 09.00 WIB Mohon dukungan dan Doa Kiranya Tuhan Yesus memberikan kekuatan serta penghiburan bagi seluruh keluarga yang ditinggalkan.
Slasa, 30 APRIL 2024 Minggu Paskah V
Yesaya 32:9-20; Jabur 80; Yakobus 3:17-18 NGUDI RASA “Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3: 17) Ing gesang padintenan, tumindakipun manungsa dipun temtokaken dening kalih prekawis, inggih punika pangertosan ingkang sae lan ingkang awon. Wiwit manungsa ingkang sepisan Adam dan Kawa nalika kadunungaken ing taman Eden, Allah sampun paring dhawuh :”Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing saksenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati” (Purwaning Dumadi 2:16-17). Amargi nerak angger-anggeripun Allah, wiwit saking ngriku manungsa dhawah ing dosa. Wonten ing gesang padintenan kita ugi tansah kagodha dening dayaning piala, Saben-saben kita badhe tumindak sae dayaning piala tansah ngalang-alangi murih kita mboten siyos tumindak sae. Supados mboten gampil kage’nde’ng dening dayaning piala, kita kedah mbudidaya nata manah lan remen olah rasa murih pikantuk kawicaksanan saking ngaluhur, awit daya ingkang sae punika badhe ndadosaken kita langkung wicaksana lan limpad ing budi. Ingkang punika kita kedah caket kaliyan Gusti, mangertosi lan ngestokaken karsanipun Gusti. Murih saged celak kaliyan Gusti kita kedah remen maos, nuli nggegilut lan ngraos-ngraosaken Sabdanipun Gusti, sanesipun punika saged ugi kanthi meditasi lan sregep dedonga. Dereng cekap punika, saksampunipun kita mangertosi karsanipun Gusti lan kaparingan kanugrahan kawicaksanan saking Gusti kita kedah nyatakaken lumantar pandamel kados ingkang dipun serat dening Rasul Yakobus “… Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” ingkang sinerat wonten ing Yakobus 3: 13,17). Amin . |*SGH
Pendeta Septin Putri HalawaDitahbiskan di GKJ Jonggrangan
Vik. Septin Putri Halawa S.Th. resmi ditahbiskan sebagai pendeta dalam sebuah ibadah penahbisan di Gereja Kristen Jawa (GKJ) Jonggrangan pada tanggal 24 April 2024. Penahbisan ini menandai bertambahnya jumlah pendeta perempuan dalam jajaran pelayanan sinode GKJ. Ibadah penahbisan dipimpin oleh Pdt. Wiwik Wulandari, S.Si. dan dihadiri oleh berbagai tamu undangan, termasuk perwakilan bupati Klaten, Muspika Katen Utara, Kepala Desa Jonggrangan, pengurus Forum Kerukunan Umat Beragama Kabupaten Klaten, pengurus Forum Kebersamaan Umat Beriman Kabupaten Klaten, Kepala Kantor Kementerian Agama Kabupaten Klaten, Badan Pelaksana Klasis Klaten Tengah, pengurus Forum Kerjasama Gereja-Gereja Kabupaten Klaten, pendeta-pendeta terundang, visitator Sinode GKJ XXIX, serta majelis dan jemaat GKJ Jonggrangan. Setelah penahbisan, Pdt. Septin Putri Halawa menyampaikan kotbah sulungnya dengan tema “Melangkah Merengkuh Asa dalam Kebersamaan”, sebuah perenungan Injil Lukas 8: 43-48 dalam bingkai harapan konteks setempat. (Visitator : Pdt. Andono Pawoko M.Si.)




