+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 3 Mei 2024 Minggu Paskah V

Yesaya 42:5-9; Jabur 98; Lelakone Para Rasul 10:34-43

NGRENGKUH SEDAYA TIYANG

“Punapadene Panjenenganipun sampun paring bebahan dhateng kula sedaya, martosaken dhateng sabangsa sadaya saha dados paseksi bilih inggih Panjenenganipun punika ingkang pinasthi dening Gusti Allah dados Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah”

(Lelakone Para Rasul 10:42)

Pakaryanipun Gusti Yesus ing kajeng salib ingkang sampun kaweca dening Nabi Yesaya, punika wujuding Gusti nresnani lan ngrengkuh sedaya tiyang dosa. Ngrengkuh sedaya tiyang supados mangertos pakaryan kawilujengan saking Gusti Allah tansah kedah kawujudaken. Kawilujengan saking Gusti Yesus mboten namung winates kangge bangsa Yahudi kemawon, nanging kangge sedaya bangsa. Punika ugi ingkang dipun lampahi dening para sekabatipun Gusti Yesus, rikala martosaken Injiling Gusti. Bab punika saged kita mangertosi saking kotbahipun rasul Petrus dhumateng Kornelius lan brayatipun.

Punapa ingkang dipun tindakaken Petrus punika nglebur pranatan ingkang sampun turun-tumurun kelampahan ing gesangipun bangsa Yahudi. Rasul Petrus minangka tiyang Yahudi ugi sinau ngatasi sikep utawi lampah gesang rasialipun, (sikep ingkang ngunggulaken golonganipun, mbedak-mbedakaken tiyang saking asal bangsanipun ) kanthi purun nampi lan ngladosi Kornelius minangka sesami ingkang dipun tresnani dening Allah. Petrus ugi ngrumaosi timbalanipun minangka muridipun Gusti Yesus kangge martosaken kawilujengan tumrap sedaya tiyang.

Minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita ugi nggadhahi tanggel jawab kangge ngrengkuh sedaya tiyang, mirungganipun dhateng sesami ingkang beda kaliyan kita. Pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus sageda katampi dening tiyang sanes. Punika kita lampahi kanthi tumindak nyata ing gesang padintenan, inggih punika anggen kita purun ngrengkuh sedaya tiyang kanthi kebaking katresnan. Prekawis punika saged kalampahan ing salebeting kita kanthi mbangun pasrawungan kaliyan sesami tanpa ningali asalipun utawi golonganipun. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ