+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 4 Mei 2024 Minggu Paskah V

Pangandharing Toret 32:44-47; Jabur 98; Markus 10:42-45

GESANG INGKANG MAEDAHI

Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni,

 nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka

panebuse wong akeh.”

( Markus 10:45 )

Wit-witan ingkang tuwuh ageng lan ngrembaka sejatinipun nggadhahi paedah ingkang kathah tumrap lingkunganipun. Ing wanci siyang wit-witan ngasilaken oksigen kangge kita ambegan, saged dados tetedhan kangge manungsa lan sato kewan, saged dados sarangipun peksi ing wanci dalu, lan sapiturutipun. Mekatena ugi gesangipun manungsa, minangka titah ingkang karipta langkung endah lan sampurna, sejatinipun manungsa ugi kedah ndadosaken gesangipun, dados gesang ingkang maedahi tumrap sesami lan lingkunganipun.

Saderengipun Gusti  Yesus mungkasi peladosanipun ing donya, Gusti Yesus tansah paring piwulang dhateng para sekabatipun punapa dene para pendherekipun ing babagan iman lan tanggel jawabipun tiyang pitados. Gusti Yesus paring gegambaran kadospundi anggenipun manungsa ing donya punika nglampahi gesangipun. Saben manungsa mburu kamareman dhiri, kepingin dipun urmati lan dipun ladosi. Patrap gesang kalawau katepis dening Gusti Yesus, kanthi paring pangeget dhateng para sakabat bilih tiyang pitados katimbalan dados abdi ingkang masrahaken gesang kangge lelados dhateng sesami, mboten dipun ladosi. Ing ayat nas punika Gusti Yesus ngandika: “Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.“ Pangandikanipun Gusti Yesus cetha sanget lan saestu paring patuladhan nyata kangge kita. Nglampahi gesang minangka putranipun Gusti ateges kita purun nuladha lampahipun Gusti Yesus inggih lampah gesang ingkang masrahaken dhiri kangge lelados maring sesami. Kados dene wit-witan ingkang tuwuh lan maedahi, makatena ugi gesang kita. Sedaya kasagedan ingkang wonten ing dhiri kita, sampun samesthinipun kita dadosaken piranti ngluhuraken asmanipun Gusti Allah, kanthi andhap asoring manah, lelados tumrap sesami. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ