Lelakone Para Rasul 10:44-48; Jabur 98; 1 Yokanan 5: 1-6,
Yokanan 15: 19-17
ANDUM KATRESNAN
“Anggon kita nresnani para putraning Allah, iku titikane menawa kita padha tresna marang Gusti Allah lan netepi pepekone”
( 1 Yokanan 5:2 )
“Aja cedhak kebo gupak”, tembung punika ateges sampun ngantos kita nyelak tiyang ingkang lampah ala utawi dosa, awit mangke kita kelu ing tumindak dosa. Pitembungan kala wau sejatosipun badhe ngengetaken supados kita njagi gesang kita tetep resik lan ngener ing kabecikan. Ananging pitembungan punika malah asring ndadosaken kita kajiret ing pamanggih ingkang klentu, rumaos suci lan saleh, mboten purun srawung kaliyan tiyang sanes ingkang kawawas dosa punapa dene ingkang beda kaliyan kita. Punika mboten laras kaliyan peladosan ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus. Gusti Allah rawuh ing donya manjalma minangka manungsa ing dhiri Gusti Yesus kangge mbabar katresnan tumrap sedaya tiyang. Gusti Yesus sampun ngurbanaken dhiri minangka kurban panebusing dosa kangge sedaya tiyang lan sedaya bangsa, sae ingkang tumindak becik punapa dene ingkang tumindak dosa.
Gusti Allah nresnani kita mboten karana kita tumindak resik lan sae, ananging sedaya punika awit sih katresnanipun Gusti Allah ingkang langkung ageng. Gusti Allah ing Sang Kristus punika Allah ingkang kebak sih rahmat, kita tiyang dosa kawilujengaken supados kita nampeni gesang langgeng.
Pramila minangka tiyang ingkang sampun nampeni sih rahmatipun Gusti, mugia nggadhahi raos katimbalan kangge andum katresnanipun Gusti dhateng sesami ingkang dereng wanuh. Kita ugi katimbalan nyaketi tiyang ingkang kawawas asor, nistha lan dosa, mboten supados kita kelu ing tumindak dosa ananging supados kita saged ngrengkuh lan paring wewarah ing tumindak kaleresan. Sumangga kita nuladha Sang Kristus sumbering katresnan ingkang tansah paring kawigatosan dhumateng sesami, madosi sesami ingkang kesasar, kanthi njagi prasetya kita dhumateng Gusti Yesus. |*DAS