+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 6 Mei 2024 Minggu Paskah VI

Pangandharing Toret  7 : 1 – 11; Jabur 93; I Timotius 6 : 11-12

PAMBALAPANING IMAN

“Mlayua ngetog karosanmu ana ing pambalapaning iman,

lan nggayuha marang urip langgeng. Sebab iya kanggo urip langgeng kuwi enggonmu katimbalan nalika kowé biyèn

ngucapaké pangakumu kang becik bab precayamu ana ing

ngarepé seksi-seksi akèh” (I Timotius 6:11-12)

Dados atlet lari jarak jauh punika boten gampil amargi kedah mlajar jarakipun tebih. Saben altet boten cekap namung saged mlajar, ngetogaken karosanipun ananging ugi mbetahaken kekiyatan ing pambalapan ngantos purna ing garis wekasan. Ingkang tahan, rikat lan kiyat ing pambalapan dumugi garis wekasan ingkang badhe dados juwaranipun. Samanten ugi tiyang pitados gesang ing donya punika kados atlet lari jarak jauh. Sinten ingkang kiyat, rikat lan tahan uji ingkang badhe dados juaranipun.

Gesanging kapitadosan kita punika kadosdene pambalapaning iman lan nggayuh ingkang langgeng minangka tujuan ingkang wekasan. Sampun limrah ing donya kemawon dherek pambalapan tansah ngarah hadiah ingkang utama lan ageng, saged punika wujudipun arta lan sanesipun. Sanadyan awrat lan rekaos mesthi tetep dipun lampahi. Kados makaten ugi tiyang Kisten wonten ing pambalapaning iman kedah purun ninggal samukawis ingkang ngreridu supados playunipun entheng lan rikat, ngetog kakuwatanipun nglawan godha lan pacoban, lan tansah setya dugeng garis wekasan. Sampun kathah tiyang ingkang katingalipun kiyat ing ngajeng nanging tembenipun sami kawon lan nyerah, boten saged mungkasi tetandhinganipun kanthi sampurna. Ingkang kiyat, rikat lan tahan nglampahi mesthi badhe dumugi ing garis wekasan lan dados juwara. Ingkang dados gegayuhanipun punika sanes perkawis kadonyan ingkang nglaha lan sakedhap netra, ananging perkawis ingkang utama inggih punika gesang ingkang langgeng.

Sumangga kita miwiti kanthi niyating manah ingkang lurus sarta boten remen ingkang neka-neka, tansah mantheng tekad lan ngeneraken lampah supados boten kesasar saking arah tujuwan kita, inggih punika gesang langgeng peparingipun Gusti. Kita mesthi kiyat nglewati kathahing panggodha lan erining pagesangan dugeng wekasan. Pitadosa, Gusti tansah nuntun lan  mitulungi kita. Amin. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ