+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

 Slasa, 7  Mei 2024 Minggu PAskah VI

Pangandharing Toret  11: 1 – 17; Jabur 93; I Timotius 6 : 13-16

LAKONANA LAN JAGANEN

 “Pituturku iki lakonana lan jaganen, supaya tetep murni tanpa cacad, nganti tekan Dinané Gusti Yésus Kristus rawuh.”

 (I Timotius 6: 14)

Tontonan ledhek kethek mesthi dipun remeni badhea punika lare alit punapa dene ingkang diwasa. Ledhek kethek punika satunggaling tradisi ingkang sampun lumampah wiwit jaman rumiyin, lan samangke taksih saged kita panggihi wontening prasekawanan bangjo. Kethekipun diuger mawi rante lan dipun kendhaleni salah satunggaling tiyang. Dados kethek punika boten saged mlajar tebih lan manut dhateng saprentahipun tiyang ingkang ngendhaleni. Menawi ingkang ngendhaleni sanjang “sarimin menyang pasar sakal punika kethekipun mendhet tas blanjan sambi nyekeli payung lan taksih kathah sanesipun. Kethek wau manut prentah amargi dipun kendhaleni dening bendaranipun. Ledhek kethek punika kados gegambaranipun manungsa dosa ingkang dipun kendhaleni dening kwasanipun dosa. Ingkang dipun tindakaken ingkang awon lan saumpami dipun tangleti sebabipun tumindak awon, wangsulanipun gampil, inggih punika khilaf lan boten nyadhari.

Rasul Paulus ngengetaken Timotius supados gesangipun tansah nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. Sampun ngantos dhawuhipun Gusti dipun supekaken punapa malih dipun lirwakaken. Tujuwanipun punika supados gesangipun Timotius punika tetep pinanggih murni tanpa cacad ngantos rawuhipun Gusti Yesus ingkang kaping kalihipun. Timotius kedah setya ngestokaken sarta njagi kawiulujengan ingkang sampun dipuntampi saking piwulang ingkang nasaraken. Boten awrat ngestokaken lan njagi punika. Awit menawi gesang dipun kuwaosi dening Roh Suci sampun mesthi saged nut miturut lan ingkang dipun tindakaken punika kasaenan. Ananging punika dados awrat menawi ingkang ngendhaleni si dosa, boten saged manut dhawuhpun Gusti lan ingkang mijil tumindak awon lan cengkah. Wekasan gesangipun sampun boten murni lan kathah cacadipun. Mugi Sang Roh Suci mitulungi kita supados tansah nindakaken dhawuh saha karsanipun Gusti, satemah kawilujengan peparingipun Gusti tansah saged kajagi. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ