+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 30 APRIL 2024 Minggu Paskah V

 Yesaya 32:9-20; Jabur 80; Yakobus 3:17-18

NGUDI RASA

“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3: 17)

Ing gesang padintenan, tumindakipun manungsa dipun temtokaken dening kalih prekawis, inggih punika pangertosan ingkang sae lan ingkang awon. Wiwit manungsa ingkang sepisan  Adam dan Kawa nalika kadunungaken ing taman Eden, Allah sampun paring dhawuh :”Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing saksenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati” (Purwaning Dumadi 2:16-17). Amargi nerak angger-anggeripun Allah, wiwit saking ngriku manungsa dhawah ing dosa.

Wonten ing gesang padintenan kita ugi tansah kagodha dening dayaning piala, Saben-saben kita badhe tumindak sae dayaning piala tansah ngalang-alangi murih kita mboten siyos tumindak sae. Supados mboten gampil kage’nde’ng dening dayaning piala, kita kedah mbudidaya nata manah lan remen olah rasa murih pikantuk kawicaksanan saking ngaluhur, awit daya ingkang sae punika badhe ndadosaken kita langkung wicaksana lan limpad ing budi. Ingkang punika kita kedah caket kaliyan Gusti, mangertosi lan ngestokaken karsanipun Gusti.

Murih saged celak kaliyan Gusti kita kedah remen maos, nuli nggegilut lan ngraos-ngraosaken Sabdanipun Gusti, sanesipun punika saged ugi kanthi meditasi lan sregep dedonga. Dereng cekap punika, saksampunipun kita mangertosi karsanipun Gusti lan kaparingan kanugrahan kawicaksanan saking Gusti kita kedah nyatakaken lumantar pandamel kados ingkang dipun serat dening Rasul Yakobus “ Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” ingkang sinerat wonten ing  Yakobus 3: 13,17). Amin . |*SGH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ