II Samuel 12:15-25; Jabur 50:16-23; Efesus 4:17-24 TITAH ANYAR “Supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu” (Efesus 4:23) Sinareng manungsa ngadhepi ruwet-rentenging gesang ingkang awrat, punika saged njalari ewah-ewahan. Sewau dados tiyang sae, saged kemawon dados tiyang ingkang awon. Sewau dados tiyang sabar, saged kemawon dados brangasan. Punika ingkang dados wigatining pangandikanipun Gusti dhateng pasawuwan ing Efesus kala semanten. Pasamuwan ing Efesus kauji sipatipun ingkang saemper kaliyan Sang Kristus. Aben ajeng kaliyan tiyang ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah, ingkang gesangipun manut hawa nepsu, ingkang remen nyenyolong, ingkang remen ngapusi, remen tukaran, mitenah. “supaya kowe padha dianyarake ing roh lan pikiranmu” ngemu teges bilih sasampunipun ngrasuk kamanungsan ingkang anyar, sampun ngantos nilaraken kamanungsan anyaripun lan wangsul dhateng kamanungsan lami. Kenging punapa kita kedah madeg dados titah anyar? Awit Gusti Allah ingkang njamin lan maringi ingkang kita betahaken ing pagesangan punika. Tanggel jawab kita minangka tiyang pitados inggih punika tetep njagi kawilujengan ingkang sampun kita tampeni. Lan sampun sakmesthinipun kita mboten ngginakaken cara gesang kamanungsan lami ananging gesang miturut panuntunipun Roh Suci. Gusti Allah ndadosakan kita anyar ing sadhengah perkawis, inggih anyar ing roh lan pikiran, pikajeng, karsa lan pangraos. Satemah minangka titah anyar kedah ngetingalaken ewah-ewahan wonten ing sikep, tingkah laku lan tata gesang anyar ingkang ndhatengaken kaurmatan lan kamulyanipun Gusti, dados tuladha lan panutan tumrap sesami sarta dados berkah tumrap sedaya titah. Tiyang pitados ingkang sampun nilaraken kamanungsan lami kababar ing tumindakipun, kedah terus kaanyaraken wonten gesang ing pamratobat, Lan tansah nyenyuwun supados ing saben dintenipun kaanyaraken miturut karsanipun Gusti lan mbudidaya nilaraken gesang ingkang lami. |*SAR
Ahad, 4 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII
II Samuel 11:26-12:13a; Jabur 51:3-14; Efesus 4:1-16; Yokanan 6:24-35 TETEDHAN INGKANG LANGGENG “….Satemene pituturKu ing kowe, kowe padha nggoleki Aku iki ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg” (Yokanan 6:26) Kathah tiyang nggadhahi motivasi ingkang mawarni-warni anggenipun ndherek Gusti Yesus. Wonten ingkang amargi pamratobat ingkang tumemen, ananging saged ugi amargi kabetahanipun sacara kadonyan kadosta pados jodho, masalah ekonomi, sesakit lan sanes-sanesipun. Tundhanipun mboten gadhah pilihan sanes kejawi madosi Gusti Yesus saksampunipun donya mboten saged ngrampungaken perkawis punika. Dados madosi Gusti awit kepengin pikantuk “tetedhan kadonyan” ingkang asipat sawetawis, mboten amargi kepengin “tetedhan ingkang langgeng”. Limrahipun sasampunipun kebetahan “tetedhan kadonyan” punika sampun kacekapan lajeng nilaraken Gusti Yesus, wangsul dhateng pagesangan ingkang lami. Waosan Injil dinten punika nedahaken bilih kathah tiyang sami madosi Gusti Yesus kanthi mawarni-warni alesan. Kathah tiyang mangertos bilih Gusti Yesus sanes manungsa limrah awit nindakaken kathah mukjijat lan pakaryan ingkang elok. Punapa malih Gusti Yesus nate nindakaken mukjijat maringi tetedhan tumrap 5000 tiyang namung ngagem gangsal roti lan kalih ulam. Pramila Gusti Yesus ngandika “…kowe padha nggoleki Aku iki ora awit kowe padha weruh pratandha, nanging marga wus padha mangan roti nganti wareg.” (Yok 6:26). Pangandikanipun Gusti punika ngengetaken dhateng kita kangge niti priksa punapa motivasi ancas tujuaning gesang kita nalika kita sowan dhateng Gusti Yesus. Sejatosipun pakaryan elok lan mukjijat ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus punika dados pratandha ingkang kita pitadosi bilih Panjenengane punika Allah ingkang sejati lan sumbering pagesangan kita. Kita saged sowan dhateng Gusti kangge nyuwun pitulungan, mboten namung mburu kabetahan kita kacekapan. Gusti Yesus langkung aji tinimbang sedaya berkah ingkang kita tampi. Ingkang wigati inggih punika pitados saha mitadosaken gesang dateng Panjenengane lan ngraosaken gesang langgeng wonten ing Panjenengane. |*SAR
Setu, 3 Agustus 2024 Minggu Limrah XII
Para Hakim 6:1-10; Jabur 51:3-14; Mateus 16:5-12 JUMAGA LAN WASPADA “Apadene sira padha Sundhawuhi mangkene: Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, sira aja ngabekti marang para allahe wong Amori, kang sira enggoni nagarane iki. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun.” (Para Hakim 6:10) Sesrawungan kaliyan tiyang kathah punika saged njalari kita nggadhahi pengalaman ingkang ngremenaken, ananging ugi kosokwangsulipun pengalaman ingkang mboten ngremenaken. Pramila, sikep jumaga lan waspada ing salebeting sesrawungan kaliyan tiyang dados perkawis ingkang wigati. Bangsa Israel nglampahi gesang mboten jumaga lan waspada tumrap gesanging sesarengan ing satengahing bangsa Amori. Ngabekti dhateng para allahipun bangsa Amori lan sikep punika njalari bangsa Israel mboten nggatosaken lan ngestokaken pangandikanipun Gusti (ayat 10), temahan bangsa punika ngalami panindhes lan kemlaratan. Awit kawontenan mekaten, bangsa Israel lajeng sesambat dhumateng Gusti. Pengalamanipun bangsa Israel punika ngengetaken dhateng kita sedaya umatipun Gusti Yesus, anggen kita gesang sesarengan kaliyan masyarakat supados kita saged ngendhani pangaribawa ingkang mboten sae ing bab piwulang, tata gesang lan kapitadosan. Pangandikanipun Gusti Yesus ing Matius 16:6 mekaten: “….Padha sing awas, sing padha ngati-ati bab ragine wong Farisi lan wong Saduki!” Dhawuh punika ngengetaken supados jumaga lan waspada tumrap piwulang sanes ingkang njalari tuwuhipun pengaruh mboten sae lan ngrisak ing salebeting gesang lan kapitadosan kita. Mboten ateges kita kedah nyalawadi/curiga dhateng sedaya tiyang, ananging kita prelu sinau terus anggen kita ngiyataken kapitadosan lan sesaged-saged kita gesang ing lingkungan ingkang sae supados slamet saking pangaribawa ingkang awon lan ngrisak moral. Kasagahan kita nggatosaken lan ngestokaken pangandikanipun Gusti ing gesang padintenan badhe nuntun kita ngindhakaken sikep jumaga lan waspada sarta nuntun kita ing pagesangan ingkang sae wonten ing satengahing gesang sesarengan kaliyan tiyang kathah. |*SAR
Jemuwah, 2 Agustus 2024 Minggu Limrah XII
Yusak 23:1-16; Jabur 51:3-14; I Korinta 11:27-34 MANTEP NDHEREK GUSTI “Kang iku dipadha mantep anggonmu padha asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu kang marga saka nyawamu” (Yusak 23:11) Perjuangan ngrebat lan nglenggahi tanah Kanaan sampun rampung. Punapa ingkang nate dipun prasetyakaken dening Gusti dhateng para leluhuripun bangsa Israel sampun dipun jangkepi. Malah mboten wonten setunggal kemawon saking sedaya prasetyanipun Gusti ingkang mboten dipun tindakaken. Yusak sampun nglampahi sedaya jejibahanipun kanthi sae inggih punika mbekta umat Israel mlebet dhateng Kanaan lan manggen ing nagari punika. Dumugi wancinipun Yusak pepisahan awit sampun sepuh sanget lan wekdalipun sampun mboten dangu malih (ayat 14). Karana mekaten, piyambakipun ngaturaken pidato pepisahan. Pidato ingkang mboten biasa. Pidato Yusak katulis ing pasal punika estu wigati sanget. Mboten namung kangge bangsa Israel ing wekdal samanten, ananging wigati ugi kangge kita ing wekdal samangke. Wigatinipun pidato Yusak punapa? Satunggal, netepi lan nglampahi angger-anggeripun Gusti lumantar nabi Musa, mboten nyimpang mangiwa utawi manengen (ayat 6). Kalih, mboten sesrawungan kaliyan bangsa sanes ing tengah-tengahing bangsa Israel, supados mboten nilar Gusti lan nyembah dhateng para allah sanenispun (ayat 7). Tiga, mantep ndherek lan nresnani Gusti (ayat 11). Menawi umatipun Gusti mboten nglampahi sedaya pepaken punika, paukumanipun Gusti tamtu badhe katampi. Inggih punika sepisan, sesrawungan kaliyan bangsa sanes badhe dados bebaya lan jiret, dados pecut tumrap lambung, lan dados klilip ing mripat (ayat 13). Kalih, bangsa Israel badhe katumpes sirna saking tanah ingkang sae (ayat 13) lan Gusti Allah badhe duka (ayat 16). Ngendikanipun Yusak punika taksih cocok kaliyan kawontenan lan gesang karohanen kita samangke. Menawi kita kepengin nampeni sedaya ingkang sae saking Gusti, sumangga kita inggih tansah mantep anggen kita nresnani Gusti, nindakaken pangandikanipun kanthi setya lan mboten kelu kaliyan panggodha donya. Prasetyanipun Gusti tamtu kelampahan menawi kita nglampahi sedaya pepaken saha dawuhipun Gusti kanthi setya. |*SAR
Senandung Kasih Allah Memanggil Pdt.Okha Di GKJ Serpong
Ibadah penahbisan Pendeta GKJ Serpong atas diri Vikaris Yokhanan Krisda Karunia (Okha) telah terlaksana pada hari Sabtu, 27 Juli 2024. Majelis Gereja dan Panitia Pemanggilan Pendeta memutuskan memilih tempat di GBI Barcelona Point, Serpong supaya representatif untuk menampung jemaat GKJ Serpong dan para tamu undangan. Ibadah penahbisan dipimpin oleh Pdt. Ivan Gilang Kristian (GKJ Tangerang) selaku pendeta konsulen GKJ Serpong. Rangkaian ibadah dan acara dikemas secara ciamik, dengan perpaduan tarian, teatrikal, musik, pendarasan mazmur serta paduan suara yang membius para tamu undangan yang hadir sehingga durasi kurang lebih 3 (tiga) jam mengalir lembut. Dalam khotbah sulungnya yang bertajuk: ”Senandung Kasih Allah”, Pdt. Okha menghayati tentang kehadiran Tuhan di tengah-tengah kehidupan umatNya dari perspektif Mazmur 23. Tuntunan Tuhan tidak meniadakan lembah kekelaman, namun meskipun demikian tidak membuat pemazmur berpaling dari Tuhan. Pemazmur justru memberikan kesaksian bahwa ia percaya dan mengenali bahwa Tuhan ikut berjalan dalam lembah kekelaman bersama dengan pemazmur. Ibarat seorang bayi yang menangis lalu menjadi tenang ketika mengenali suara ibunya bersenandung, demikianlah gambaran Pdt. Okha dalam menghayati panggilan pelayanannya sebagai pendeta di GKJ Serpong. Senandung kasih Allah dirasakan dan dikenali melalui kebersamaannya dengan GKJ Serpong. Kiranya kebersamaan yang demikian juga dirasakan oleh keluarga besar GKJ Serpong, sehingga GKJ Serpong bersama Pdt. Okha dapat terus bertumbuh dan merasakan senandung kasih Allah apapun proses yang terjadi. GKJ Serpong…pong…pong…pong…pong…pong…pong! Selamat untuk Pdt. Okha dan GKJ Serpong. You’ll never walk alone!
Kemis, 1 Agustus 2024 Minggu Limrah XII
Pangentasan 32:19-26a; Jabur 51:3-14; I Korinta 11:17-22 WASPADA TUMRAP BRAHALA “Cariyosipun dhateng kula mekaten: Kula mugi panjenengan damelaken allah ingkang badhe tindak wonten ngajeng kula, awitdene Musa ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir, kula boten sumerep kedadosanipun.” (Pangentasan 32:23) Punapa kemawon ingkang dipun gung-gungaken, pinuja-puja lan dipun sembah ingkang nglangkungi pepuja lan panembah dhumateng Gusti Allah ingkang maha kawasa saged kawastanan brahala. Brahala punika boten namung awujud reca utawi patung utawi barang, ananging saged ugi tokoh idola, pamimpin ingkang wicaksana, tokoh agama, pacar, rencang, semah punika nggadhahi kecenderungan dados brahala menawi kita mboten waspada. Ateges raos lan sikep gumantung sacara batiniah dhateng punapa kemawon ingkang nglangkungi raos lan sikep gumantung dhumateng Gusti Allah Mekaten ingkang dipun lampahi umat Israel kala semanten. Sasampunipun panganthi lan panuntunipun Gusti Allah ingkang ngedab-edabi wonten ing lampahing bangsa Israel luwar saking tanah Mesir, akarya lan nyembah dhateng reca anak lembu emas. Sejatosipun punapa ingkang njalari umat Israel tumindak mekaten? Alesanipun amargi mboten tahan anggenipun nyrantos Nabi Musa mandhap saking gunung Sinai. Umat Israel rumaos kuwatir lan bingung awit mboten mangertos kawontenanipun Nabi Musa. Ing ngriki ketingal bilih sejatosipun umat Israel gumantung sanget dhateng sosok Nabi Musa. Saking umat Israel punika kita saged sinau supados kita waspada tumrap brahala-brahala ing satengahing donya punika. Sampun ngantos raos lan sikep gumantung kita dhumateng Gusti dipun kawonaken kaliyan punapa ingkang wonten ing donya punika. Jer sedaya ing donya punika namun sarana supados kita langkung gumantung manembah lan gumantung dhumateng Gusti. 1 Yokanan 5:21 ngengetaken “He, anak-anak-Ku, sing padha waspada marang sakehe brahala”. Sumangga kita ngindhakaken sikep waspada, kanthi nggadhahi kapitadosan lan panuntunipun Sang Roh Suci kangge mbedakaken lan nyingkiraken. Mugi berkahipun Gusti tansah ngrimati gesang kita. Amin. |*SAR
SIDANG ISTIMEWA GKJKLASIS SEMARANG BARAT XLII SambutSdr. Ones Mahanugra Dinyatakan Layak Tahbis
Semarang, 20 Juli 2024 – Gereja-gereja Kristen Jawa Klasis Semarang Barat baru saja menggelar sidang istimewa di GKJ Jatingaleh. Agenda utama sidang adalah ujian calon pendeta atas diri Sdr. Ones Mahanugra, S.Si.Teol., serta membahas permohonan pembiakan GKJ Karangayu Pepanthan Dawung. Sidang yang dihadiri oleh perwakilan dari 13 gereja anggota Klasis Semarang Barat, BapelKlas dan BawasKlas, serta para pendeta dan pembimbing berjalan lancar. Setelah melalui serangkaian ujian, Sdr. Ones Mahanugra dinyatakan layak untuk ditahbiskan sebagai pendeta. Selain itu, sidang juga menyetujui permohonan pembiakan GKJ Karangayu Pepanthan Dawung menjadi gereja dewasa dengan nama GKJ Anugerah Dawung. Pdt. Natanael Kriswanto ditunjuk sebagai pendeta konsulen untuk gereja baru ini. Dalam sambutannya, Ketua BapelKlas Semarang Barat XLI, Pdt. Sediyoko, menyampaikan apresiasi atas berjalannya sidang dengan baik. Beliau juga mengucapkan selamat kepada Sdr. Ones Mahanugra atas kelulusannya. Sidang istimewa ini ditutup dengan doa yang dipimpin oleh Pdt. Natanael Kriswanto.
Sangsaya Nyawiji lan NgrembakaGKJ Immanuel Surakarta SambutFransiska Diah Aprila Dinyatakan Layak Tahbis
Jumat, 27 Juli 2024 merupakan hari bersejarah bagi perjalanan kehidupan bersama GKJ Immanuel Surakarta. Empat wilayah; Ngasinan, Ngoresan, Panggungrejo, dan Pucangsawit bersatu menyiapkan penyelenggaraan Sidang Istimewa Klasis Sala dalam rangka Ujian Calon Pendeta GKJ Immanuel Surakarta atas diri Sdr. Fransiska Diah Aprila. Ruangan sidang ditata dengan apik dan menarik, beraneka motif batik sogan dan bunga-bunga mewarnai seluruh ruangan. Dengan mengusung Tema: Sangsaya Nyawiji lan Ngrembaka (Mengembangkan GKJ Immanuel Surakarta sebagai Gereja yang Kolaboratif dan Saling Memiliki dalam Sistem Sentralisasi dan Pemberdayaan Wilayah), Sdr. Fransiska Diah Aprila memaparkan materi khotbah, presentasi, dan menjawab setiap pertanyaan yang diajukan oleh Tim Pembimbing (Pdt. Justin, Pdt. Jarot, Pdt. Nugroho, dan Pdt. Nunung), para peserta Sidang, juga visitator Sinode, “titis” dan “canthas” penuh percaya diri. Persidangan yang dipandu oleh Moderamen (Pdt. Supranjono Eko Raharjo, Pdt. Anindhita Yudistira Adi, Dkn. Nurul Sutarti dan Pdt. Ayub Widhi Rumekso) berlangsung “sersan” serius tapi santai, manakala dalam tiap jeda sesi Pdt. Supranjono memetik dawai ukulele dan mengajak peserta sidang menyanyi. Pada akhirnya dengan hasil yang sangat memuaskan, Sdr. Fransiska Diah Aprila dinyatakan layak tahbis dan memasuki masa vikariat. Sebagai bentuk ucapan syukur Sdr. Fransiska menyanyikan lagu “Walang Kekek” yang syairnya digubah, mengajak seluruh elemen GKJ Immanuel Surakarta “Sangsaya Nyawiji lan Ngrembaka”. Walang kekek mencok neng pakelWalang ireng mencok neng tampahPara sadherek warga ImmanuelMangga sareng ngladosi Gusti Allah. Walang kekek mencok neng drijiMabur maneh mencok neng sakaMangga sami tansah nyawijiDimen kita saya ngrembaka Walang Abang mencok wit krambilAmpun sumelang, Gusti tansah nunggil Selamat memasuki masa vikariat Sdr. Fransiska Diah Aprila.Selamat “Sangsaya Nyawiji lan Ngrembaka” GKJ Immanuel Surakarta. Visitator:Pdt. Yemima Widi NuraniPdt. Andono Pawoko
Konferensi Nasional Pendidikan & Gereja 2024
Konferensi Nasional Pendidikan & Gereja 2024″Kolaborasi Nyata Untuk Transformasi Sekolah Kristen”Fakultas Kedokteran Universitas Pelita Harapan, Karawaci, TangerangSelasa-Rabu, 23-24 Juli 2024 Konferensi ini menjadi yang kedua diadakan oleh Majelis Pendidikan Kristen di Indonesia bersama dengan PGI dalam memperhatikan kondisi sekolah-sekolah Kristen seluruh wilayah di Indonesia. Sebagai tindaklanjut dari konferensi di tahun 2023, konferensi nasional yang diikuti oleh 730 peserta dari seluruh Indonesia dan mewakili 7 pilar pendidikan Kristen ini bertujuan untuk merumuskan persoalan, menemukan penyebab dan mengusulkan perbaikan untuk mentransformasi sekolah Kristen. Tidak bisa dipungkiri bahwa kondisi sekolah Kristen di Indonesia begitu variatif. Ada yang berkembang baik dan bertahan yang oleh MPK diberi grade A & B. Namun banyak juga yang stagnan bahkan memiliki tren menurun dalam hal jumlah siswa, kualitas sekolah dan pendidik tenaga kependidikan yang tidak terperhatikan dengan baik yang diberi grade C, D, dan E. Kondisi ini penting diperhatikan dan urgen untuk ditangani, sehingga MPK telah membentu Task Force 3T. Yakni tim khusus yang dibuat untuk menolong sekolah-sekolah yang tergolong dalam sekolah tertinggal, terpuruk dan terabaikan. Beberapa sekolah menjadi pilot project untuk dibantu merencanakan perbaikan, diperlengkapi dan didampingi. Dan ke depan akan dilakukan lebih luas ke banyak sekolah Kristen lainnya. Untuk transformasi tidak hanya akan menjadi wacana, maka 7 pilar yakni, MPK & MPK wilayah, Gereja, Pemerintah, Yayasan Sekolah Kristen, Dunia Usaha Dunia Industri, FKIP & STT, serta Lembaga lainnya. diundang oleh MPK untuk merumuskan aksi-aksi nyata yang akan dikerjakan bersama. Dengan sinergi yang baik dan didasari kesadaran dan strategi yang baik diharapkan ke depan sekolah-sekolah Kristen sungguh-sungguh kembali menjadi kepanjangan tangan gereja yang kuat, berkembang dan unggul dalam mengerjakan misi ilahi. Dihadiri pula oleh perwakilan Kementerian-kementerian terkait, Pengurus ACSI (Association of Christian School International) melalui zoom dari Dallas, USA, kebersamaan selama 2 hari di Universitas Pelita Harapan ini banyak diisi dengan Focus Group Disscusion. Melalui FGD tersebut masing-masing pilar bisa mengusulkan perannya bagi pekerjaan besar ini. Di akhir kegiatan dibuat kesepakatan-kesepakatan dan penandatanganan MoU. Sinode GKJ yang juga memiliki peran penting sebagai salah satu pilar pendidikan Kristen, berkomitmen untuk melakukan apa yang menjadi bagiannya demi mendukung transformasi sekolah-sekolah Kristen di Indonesia pada umumnya maupun sekolah-sekolah Kristen di bawah naungan Gereja-gereja Kristen Jawa yang tersebar di klasis-klasis. Kiranya niat baik ini dapat terlaksana dalam aksi nyata. Pdt. Ageng Prasetya Raharjo
Majelis GKJ Sragen Dibekali Wawasan dan Teologi Jabatan di Bandungan
Bandungan, 19 Juli 2024. Guna meningkatkan kapasitas majelis sekaligus pembekalan calon majelis, GKJ Sragen mengadakan pembekalan khusus selama 2 hari dari tgl 19 hingga 20 Juli 2024 di Rumah Retret Elika, Bandungan. Di hadapan 50 peserta yang terdiri dari majelis dan calon majelis, Pdt. Anugrah Kristian (Sekretaris Bapelsin XXIX) sebagai nara sumber memaparkan tentang “Wawasan ke-GKJ-an” dan “Teologi Jabatan”. Beliau menekankan bagaimana membuka ruang seluas-luasnya dalam berpelayanan, sehingga semua jemaat dapat ikut terlibat dalam kegiatan tersebut. Selain itu, menurut Pak Aan perlu adanya pendekatan pemuridan dalam mengader majelis. Pendekatan ini terbukti sangat mudah dilakukan dan hasilnya baik. Dengan variasi metode diskusi dan tanya jawab, selama dua sesi tidak terasa begitu cepat selesai. Hal itu dibuktikan dengan antusias peserta karena Pdt. Anugrah mampu membawa dan memainkan suasana dengan contoh-contoh dan joke-joke yang membuat peserta terlena dengan waktu.





