Hosea 3:1-5; Jabur 45:2-3, 7-10; Yokanan 18:28-32
KATRESNANIPUN ALLAH
“Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira lungaa maneh lan
nresnanana sawijining wong wadon, kang seneng dadi sundel lan laku jina, kayadene Sang Yehuwah uga tresna marang para wong Israel, sanadyan iku padha mungkur marani allah liya-liyane lan karem
emplek-emplek kismis.” (Hosea 3:1)
Kitab suci nyerat sesambetanipun Gusti kaliyan umat punika kagambaraken kados sesambetanipun tiyang sesemahan. Sesambetan ingkang unik punika kasebat garwa, sigaraning nyawa. Emanipun, umat Israel asring nyingkur saking Gusti lan natoni kasetyanipun Gusti, kadosdene ingkang dipun tindakaken Gomer, garwanipun Hosea ingkang laku jina.
Gomer punika tiyang estri ingkang dados sundel. Ing bab 1, Hosea kadhawuhaken dening Gusti mendhet Gomer minangka garwanipun. Nanging Gomer mboten setya dhateng Hosea, malah laku jina malih (selingkuh). Ing pasal 3 punika Gusti ndhawuhi supados Hosea madosi lan nebus Gomer kanthi Tebusan ingkang mboten sekedhik inggih punika 15 sekel salaka lan sair 1,5 homer. Tebusan ingkang langkung murah katimbang tebusan budhak. Menawi Gomer dipun tebus kanthi murah, umatipun Gusti dipun tebus kanthi rah ingkang aji inggih punika sedanipun Gusti ing kajeng salib (1 Pet 1:18-19, Yok 18:32).
Hosea saged kemawon megat Gomer, ananging punika mboten katindakaken awit punika dhawuhipun Gusti ingkang nresnani umat Israel. Panebusan ingkang dipun tindakaken Hosea nedahaken katresnanipun dhateng Gomer. Makaten katresnanipun Hosea nggambaraken katresnanipun Gusti dhateng umatipun, katresnan ingkang tanpa syarat, katresnan ingkang milujengaken. Katresnan ingkang mboten luntur sinaosa kita selingkuh/nyingkur saking Gusti.
Saking waosan punika supados kita nggegilut bilih Gusti Allah maringi “kesempatan/wegdal” dhateng kita supados mratobat kanthi gumolonging manah lan ndandosi tumindak kita. sumangga kita ngaturaken panuwun sokur awit katresnanipun Gusti Allah dhateng kita punika. Gusti mitulungi. |*SAR