+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 5 November 2026 Minggu Limrah

Amos 1:1-2:5; Jabur 70; Wahyu 8:6-9:12

ALLAH IKU MAHALUHUR
“Tiyang ingkang sami ngupadosi Paduka, sami bingah-bingaha
lan sukarenaa sadaya; ingkang nresnani karahayon peparing Paduka,
tansaha ngucap makaten: “Gusti Allah iku agung!”
(Jabur 70:5)

Wonten ing gesang punika, wonten mawon tiyang ingkang boten
seneng dhateng punapa ingkang saweg kita alami. Boten seneng ningali
kawontenan kita, boten purun mirengaken punapa malih nulungi kita.
Saumpami kita nembe wonten momotaning gesang kepenginipun nyuwun
tulung dhateng tiyang sanes ananging mbok manawi boten wonten tiyang
ingkang purun nulungi. Awit kathah tiyang ingkang langkung remen ningali
kita ngraosaken sisah lan kathah masalah. Kados wonten pangandika makaten
“sisah ningali tiyang sanes remen, lan remen ningali tiyang sanes sisah”.
Juru Masmur punika paring patuladhan iman ingkang sae ngengingi
perkawising gesang. Juru Masmur saestu rumaos asor lan sekeng ngadhepi
momotan ingkang awrat ing gesangipun saha kathah mengsah ingkang sami
mburu nyawanipun. Ing kawontenan ingkang mekaten punika Juru Masmur
namung sesambat dhumateng Gusti Allah ingkang Mahaluhur. Juru
Masmur tansah nyenyuwun lan ndedonga ing salebeting kahanan ingkang
kapepet dening kathahing perkawis. Juru Masmur tansah pitados Gusti
Allah ingkang Mahulur kuwaos paring pitulungan lan ngasoraken tiyang
ingkang mbudidaya kacilakanipun.
Minangka tiyang pitados sampun ngantos kita ngendelaken kekiyatan
piyambak, utawi ngendelaken tiyang sanes. Prayogi tansah kumandel lan
namung ngendelaken Gusti Allah kemawon. Namung Gusti Allah ingkang
Mahaluhur punika tuking pitulungan ingkang nyata lan sajati. Gusti Allah
tansah setya mitulungi para kagunganipun ing salebeting bebaya. Tansah
sesambat dhumateng Gusti lan tansah setya sabar nengga pitulunganipun
Gusti, awit Gusti ingkang Mahulur kepareng mitulungi srana caranipun
ingkang endah lan ngedab-ngedabi. Pitulunganipun Gusti asring dadosaken
kita sami kaeraman awit punapa ingkang dipun tindakaken ngungkuli
punapa ingkang kita pikiraken. Amin. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *