Wulang Bebasan 16:21-33; Jabur 5; Mateus 15:1-9
SING SALAH SELEH
“Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene,
dene atine adoh karo Ingsun.”
(Mateus 15:8)
Kuldi punika sato kewan ingkang asring dipun anggep bodho, leda-lede,
lan manutan, ananging kuldi boten badhe dhawah ing jeglongan ingkang
sami, boten sami kaliyan sato kewan sanesipun. Sinaosa kaanggep bodho
lan manutan nanging boten badhe mbaleni kaluputanipun. Wonten bebasan,
sing sapa salah seleh. Ananging kathah tiyang ingkang boten ngrumaosi
kalepatanipun. Nalika dipun emutaken dening tiyang sanes boten mesthi
nampi kanthi legawa, sami rumaos bener piyambak. Ingkang ngemutaken
malah dipun sengiti.
Gusti Yesus sanget dukanipun dhateng para pangarsaning agama,
mliginipun tiyang Farisi kaliyan para ahli Toret. Awit punapa ingkang dipun
tindakaken punika namung lamis, boten saleresipun, boten sawontenipun.
Ingkang dipun tindakaken namung saderma tata lair, dene batosipun boten
makaten. Nindakaken pranatan agami namung kangge pados pangalembana lan
supados kaangge sae, nanging manahipun sami nebih saking karsanipun
Gusti Allah, boten wonten raos tresna lan welas asih. Tiyang-tiyang punika
remen nutup-nutupi tumindak lepatipun kangge njagi kawibawan tuwin
harga dhirinipun.
Tiyang lamis punika sajatosipun tiyang ingkang ingkang remen nutupi
kakiranganipun lan kalepatanipun mawi cara ingkang boten sae. Ing
sakngajengipun tiyang kathah tumindak kados tiyang mursid, kamangka
sejatosipun namung ethok-ethok kemawon. Menawi dipun emutaken punapa
dipun welehaken sami boten remen lan malah saged nglawan dhateng tiyang
ingkang ngemutaken. Kamangka Gusti Yesus anggenipun duka punika margi
saking tresnanipun, supados tiyang-tiyang punika sageda sami ngewahi
gesangipun langkung sae.
Sumangga kita dados pribadhi ingkang sembada, purun ngakeni kalepatan
lan nampi pameleh kanthi nglenggana. Purun sumeleh awit kalepatanipun
punika sikep ingkang prayogi awit Gusti nresnani tiyang dosa ingkang saestu
mratobat. Amin |*DAS
