Yeremia 5:18-31; Jabur 5; 1 Tesalonika 2:13-20
GAWE MONGKOG LAN BUNGAHING ATI
“Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh”
(I Tesalonika 2:20)
Wonten bebasan, woh punika tibane boten tebih saking witipun. Sae
lan awonipun woh punika saestu gumantung kaliyan witipun. Uwit ingkang
sae mesthi ngedalaken woh ingkang sae, wit ingkang awon ngedalaken woh
ingkang awon. Mila saiba mongkog lan bingahipun dados tiyang sepuh
ningali putra lan putrinipun saged pikanthuk prestasi ingkang sae, inggih
saged dados juara kelas, juara lomba, saged katampi ing pawiyatan ingkang
sae, lan boten namung prestasi sekolah kemawon ananging mongkog lan
bingah saged ningali putra putrinipun sami saged kasil, sukses, pinter lan
dhiwasa imanipun. Temtu perkawis-perkawis punika ndamel mongkog lan
bingahipun tiyang sepuh. Boten muspra anggenipun tiyang sepuh nggulawentah
lan ngamping-ampingi awit sampun kepareng mirsani wohipun punika sae.
Rasul Paulus rumaos mongkog lan bingah sanes karana paladosanipun
tanpa alangan lan masalah. Ing salebeting pakaryan lan paladosanipun,
Rasul Paulus ngadhepi rupi-rupi pepalang, ngadhepi pandamel awon tiyang
sanes ingkang boten remen kaliyan pawartosing Injil. Bab punika nelakaken
caranipun Iblis tansah damel reridu lan pepalang supados rasul Paulus
nglokro lan semplah. Ananging kawontenan punika boten ndadosaken rasul
Paulus semplah lan nglokro, malah sangsaya damel semangatipun rasul
Paulus, piyambakipun kiniyataken amargi pasamuwan ingkang dipun ladosi
lan ingkang nampi pawartos injil punika sangsaya kiyat kapitadosanipun lan
setya dherek Gusti Yesus sinaosa ngadhepi rupi-rupi perkawis. Mongkog lan
bungahipun rasul Paulus punika amargi Injil sangsaya sumebar lan
ngasilaken woh ingkang nengsemaken wonten ing gesangipun pasamuwan.
Sinaosa ing gesang kita kathah pepalang lan reridhu arupi werni-werni
masalah ananging sampun ngantos semangat lan kapitadosan kita kendho
lan nglokro. Tansah setya ndherek Gusti Yesus, kados ingkang sampun
katindakaken dening pasamuwan ing Tesalonika. Sanadyan kathah pepalang lan
perkawis boten dados pambengan anggen kita mbabaraken sih katresnan
saha kasaenan ingkang asalipun saking Gusti kita Yesus Kristus. Amin. |*DAS
