Daniel 6:1-28; Jabur 98; Mateus 17:22-27
KAUWALAKEN SAKING PAGIRIS
“Allah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun
singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula,
amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing
ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten
nandukaken piawon” (Daniel 6:23)
Kadospundi raosipun nalika kita saged luwar saking kawontenan gesang
ingkang nggegirisi? Tuladha kemawon, kita nemahi kacilakan ananging
pranyata raga kita blas boten tatu. Utawi, nalika sakit sampun dangu, kados-
kados sampun boten wonten pengajeng-ajeng, ananging kita lajeng alon-
alon pulih lan saged mantun kados wiwitan. Temtu ingkang kita raosaken
punika bingah sanget. Kita lajeng saged nindakaken pakaryan padintenan
kita malih.
Waosan saking Kitab Dhaniel 6:1-28 nyariyosaken lelampahan nalika
Dhaniel kaparingan paukuman amargi boten purun nyembah sang nata lan
milih tetep manembah dhateng Gusti Allahipun Rama Abraham. Paukumanipun
inggih punika kalebetaken ing luwenging singa. Ananging sasampunipun
satunggal wengi natas, sang nata uninga bilih Dhaniel taksih gesang lan
boten kirang satunggal napa. Malah Dhaniel ngaturaken paseksi bilih Allah
ingkang dipun sembah sampun nutup cangkemipun singa-singa punika
satemah boten nyilakani Dhaniel. Saking prastawa punika sang nata
ngraosaken bingah lan pitados dhateng Allahipun Israel, saha tiyang-tiyang
ingkang nindakaken pitenah lajeng nampi paukuman kalebetaken ing
luwengipun singa kalawau.
Mbok menawi kita nate wonten ing kahanan kadosdene Dhaniel kalawau.
Kita kaluwaraken saking perangan ingkang nggegirisi lan kepara saged
nindakaken paseksi bab pakaryanipun Gusti Allah. Punapa ingkang saged
dados pangucap sokur kita? Temtu kanthi ngginakaken wekdal peparingipun
Gusti punika kanthi prayogi. Kita sampun kaluwaraken saking pagiris, mila
kita kedah paring pambiyantu dhateng sesami ingkang nandhang ingkang
sami. Gusti ingkang ngrimati kita sedaya. |*WAS
