+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 20 Oktober 2026 Minggu Limrah

Daniel 3:19-30; Jabur 98; Wahyu 18:21-24

PANGRIMATIPUN ALLAH
“Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane
marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi
wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.”
(Jabur 98:3)

Saking pundi kita saged nekseni bilih Gusti Allah saestu ngrimati gesang
kita? Temtu saking pengalaman padintenan ingkang kita lampahi piyambak.
Nalika kita wonten ing satunggaling kahanan ingkang awrat, kita ngraosaken
pitulunganipun Gusti. Dene wujudipun saged lumantar perangan-perangan
gesang ingkang kita panggihi saben dintenipun. Asring kita ugi boten nyana
bilih saking prekawis ingkang prasaja tuwuh prekawis-prekawis ingkang
agung lan ngremenaken. Sadaya punika ugi pakaryanipun Allah ingkang
endah ing gesang punika.
Waosan Jabur 98:4 negesaken bilih pranyata Pangeran Yehuwah sampun
ngluberaken sih kadarman lan kasetyan dhumateng kita, lan sedaya ingkang
wonten ing jagad punika dados seksi bab pangrimatipun Allah. Minangka
tiyang pitados kita ngugemi bilih caranipun Pangeran Yehuwah makarya
punika kalamangsanipun boten tinemu ing nalar. Pangeran saestu nresani
jagad punika, langkung malih tumrap manungsa. Mila, manungsa kedah
ngaturaken panuwun sokur konjuk ing Gusti, awit tansah rinimat saben
wektu lan dipun reksa wonten ing kawontenan ingkang karaos awrat.
Manungsa awit rumaos gumunggung asring boten saged nekseni menawi
jagad saisinipun punika sampun katata wonten ing kahanan ingkang prayogi.
Manungsa asring namung ngegungaken punapa ingkang dados kasagedan
lan kaunggulanipun tanpa enget saking pundi pinangkanipun sedaya punika.
Sumangga kita tansah enget dhateng pangrimatipun Allah. Sumangga kita
tansah ngucap sokur awit berkah ingkang kita tampi saben dintenipun. Lan
sumangga kita miwiti kesadharan bilih sedaya ingkang kalampahan ing
jagad punika sampun tinata kanthi prayogi dening Pangeran Yehuwah
ingkang kebak welas asih. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *