Wilangan 5:5-10; Jabur 1; Titus 1:5-16
NGEMUTAKEN INGKANG LANGKUNG SEPUH
”Paseksen kang mangkono iku bener. Awit saka iku welehna kang banget,
supaya pracayane dadi waras” (Titus 1:13)
Tiyang Jawi punika nggadhahi satunggaling sikep ingkang sinebat pekewuh.
Sikep pekewuh punika tuwuh nalika kita rumaos boten sekeca awit ajrih
badhe damel tatu manahipun tiyang sanes. Pakewuh punika kalamangsanipun
dipun sambetaken kaliyan unggah-ungguh kejawen. Ananging pekewuh
saged ugi ndadosaken kita boten saged nindakaken kasaenan, awit pekewuh
punika ugi wonten sesambetanipun kaliyan drajat-pangkatipun manungsa
ing satengahing masyarakat.
Waosan Titus 1:13 mujudaken piwucal saking Rasul Paulus dumateng
Titus, muridipun ingkang kinasih. Titus ingkang taksih enem punika
kaparingan dhawuh supados wantun melehaken peranganing pasamuwan
ingkang tumindak boten leres. Temtu menawi kita jumbuhaken ing kawontenan
gesang kita, tuwuh raos pekewuh ing manahipun Titus. Kadospundi lare
enem ananging kedah melehaken para tiyang-tiyang ingkang yuswanipun
langkung sepuh saking kita? Ananging punika timbalan ingkang kaparingaken
dhateng Titus. Sinaosa kedah melehaken ingkang langkung sepuh, boten
usah wonten raos pekewuh. Raos pekewuh punika namung badhe ngribedi
anggen Titus ngemutaken tiyang-tiyang ingkang langkung sepuh lan ingkang
nindakaken kalepatan.
Punapa ingkang dipun adhepi dening Titus punika ugi asring kita alami.
Nalika kita mangertos wonten ingkang langkung sepuh, senior, lan pinter,
ananging nindakaken kalepatan, kedahipun kita tetep ngemutaken kanthi
andhap asor lan ajrih asih. Ananging ugi wonten tiyang ingkang milih
mendel kemawon amargi pekewuh kaliyan tiyang punika. Bilih boten
wonten ingkang ngemutaken, saking pundi tiyang punika mangertos bab
kalepatanipun? Bilih boten diemutaken, punapa wonten wewengan kangge
nelakaken pamratobat? Bilih kita boten ndherek ngemutaken, kita rak ugi
ndherek nglestantunaken kalepatanipun punika ta? |*WAS
