+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 6 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yesaya 27:1-6 ; Jabur 144; 2 Korinta 5:17-21

SUMADYA DADOS UTUSAN
”Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah
paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang
Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema
karukunake karo Gusti Allah.” (2 Korinta 5:20)

Ingkang naminipun utusan punika ateges tiyang ingkang pinitados
nindakaken satunggaling prekawis. Tiyang ingkang milih utusan punika temtu
sampun menggalih kanthi saestu, tuladha kemawon babagan kasagedan
nindakaken ayahan, kasagahan anggenipun makarya ngantos rampung, punapa
saestu sumadya nampi dhawuh lan nindakaken kanthi gumolonging manah.
Waosan serat 2 Korinta 5 ayat 20 ingkang kita ngraos-raosaken dinten
punika mulangaken babagan kadospundi kita mapanaken dhiri minangka
utusanipun Gusti. Rasul Paulus sampun paring tuladha bab anggenipun
nindakaken ayahan minangka utusan nglantaraken Injil Kratoning Allah.
Piyambakipun sumadya dados lantaran malah kados-kados Gusti Allah
piyambak ingkang paring pitutur dhumateng tiyang kathah. Pamberegipun,
supados tiyang-tiyang ingkang nampi pawartos bab Asmanipun Sang Kristus
purun karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kedah
karukunaken? Supados kita saged ndherek ing pakaryan kawilujengan
ingkang saking Gusti. Kanthi makaten, gesang kita saged kapulihaken malih.
Emanipun, taksih kathah tiyang Kristen ingkang suwala nalika kautus
dados lantaran pakaryanipun Allah. Maneka warni pawadanipun, mboten
gadah wekdal, mboten saged, dereng samekta, lsp, punika ingkang njalari
kita asring boten mirengaken swantenipun Allah ingkang ngutus kita supados
saged dados lantaran murih tiyang sanes saged nampi pawartos Injil Kratoning
Allah temahan gesangipun saged karukunaken malih kaliyan Gusti Allah.
Sumangga kita punika boten namung ngaku lan rumaos minangka
tiyang Kristen kemawon, ananging ugi tansah sumadya dados utusan
anggenipun nglantaraken pawartos Injil Kratoning Allah. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *