+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 5 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 19:10-14 ; Jabur 144; 1 Petrus 2:4-10

PINILIH
“Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon,
bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi,
supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane …”
(1 Petrus 2: 9a)

Punapa ingkang wonten ing panggalih panjenengan nalika mireng
tembung “pinilih”? Tiyang ingkang sampun pinilih punika padhatanipun
unggul. Tiyang ingkang sampun pinilih kangge nindakaken satunggaling tanggel
jawab punika kawawas saged ngayahi punapa ingkang dados kuwajibanipun.
Semanten ugi, tiyang ingkang sampun pinilih punika mesthi dipun gadang-
gadang saged nindakaken ayahanipun kanthi sae. Wondene menawi kasunyatanipun
boten saged nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae, punapa ingkang badhe
kalampahan? Temtu kathah tiyang rumaos cuwa lan sami nglepataken
keladukipun boten pitados malih kaliyan tiyang punika.
Waosan 1 Petrus 2: 4-10 ngemutaken kita bilih saben tiyang pitados
punika mujudaken umat pilihan. Kita pinilih supados kita saged martosaken
kawontenan brayat Kratoning Allah ingkang suci lan kagunganipun Gusti
Allah pribadi. Saben tiyang pitados katimbalan supados madeg minangka
tiyang-tiyang ingkang pinilih, ingkang wanuh saestu kaliyan Injil Kratoning
Allah, lan saged martosaken bab punika dhateng jagad. Kita ingkang pinilih
punika boten amargi kakiyatan kita, ananging amargi punika tanggel jawab
kita minangka para pendherekipun Gusti ingkang setya tuhu.
Kadospundi menawi kita lajeng nglirwakaken tanggel jawab punika?
Temtu kathah tiyang ingkang boten siyos ngraosaken endahipun dados
warganing Kratoning Allah. Kathah tiyang boten sami pitados bilih kita saestu
tiyang ingkang mituhu dhateng Gusti. Mila, minangka umat pilihan, sumangga
kita ngetingalaken dhiri minangka para pendherekipun Gusti. Sampun ngantos
malah nglirwakaken tanggel jawab kita ing satengahing jagad. | WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *