+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 4 Oktober 2026 Minggu Limrah (HPKD-HPII)

Yesaya 5:1-7; Jabur 80:7-15; Filipi 3:4b-14; Mateus 21:33-46

KAPITUNAN ING GESANG LAMI
“Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku,
saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus”
(Filipi 3:7)

Nalika taksih enem, limrahipun tiyang kepengin moncer. Menawi
saged, gadhah kanca ingkang kathah. Kita ugi kepengin saged ketingal
“wah” utawi langkung unggul saking sanesipun, kanthi ngetutaken trend
utawi kebiasaan ingkang nembe viral/rame ing satengahing pasrawungan.
Wonten tetembungan Fear of Missing Out (raos ajrih/kuwatos manawi
boten ndherek trend utawi ingkang nembe viral). Tumraping sawatawis
nem-neman, ndherek trend ingkang viral punika satunggaling bukti bilih
piyambakipun sampun kasil, ketingal langkung unggul tinimbang sanesipun.
Bab punika nuwuhaken bingah lan mongkog ing salebeting manahipun.
Ananging punapa ginanipun sedaya punika?
Rasul Paulus ing Filipi 3 ngrembag babagan perangan-perangan
kadonyan ingkang satata pranatan Yahudi mapanaken piyambakipun
wonten ing kawontenan ingkang agung/luhur: bab pranatan, bab tradisi lan
kabudayan, malah dumugi ing bab sregep nganiyaya para pendherekipun
Gusti Yesus lan tanpa cacad anggenipun nindakaken angger-angger Toret.
Ananging sedaya punika karaos muspra nalika sampun tepang kaliyan Gusti
Yesus. Ingkang rumiyin saestu dipun gungaken, wekdal samangke dados
prekawis ingkang nglaha. Rasul Paulus ngraosaken bilih gesang ingkang aji
punika gesang ing salebeting pamratobat. Piyambakipun ngowahi
gesangipun lan nilar punapa ingkang kawawas aji ing gesang laminipun.
Kita sedaya kaemutaken, bilih gesang lami ingkang namung nguja
pepenginan hawa nepsu punika sejatosipun nglaha. Punapa ta ginanipun
rina wengi namung pados marem lan bombonging manah? Sedaya ingkang
karaos aji dados nglaha nalika kita sampun wanuh kaliyan margining
kawilujengan ingkang saking Gusti. Mila, punapa kita sagah nilaraken
gesang lami lan sami ngarah dhateng gesang sejati? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *