+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 7 Oktober 2026 Minggu Limrah

Musthikaning Kidung 8:5-14 ; Jabur 144; Yokanan 11:45-57

KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN
”Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,
kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa
kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah…”
(Musthikaning Kidung 8: 6a)

Limrahipun tiyang punika rumaos remen nalika dipun tresnani. Awit
katresnan punika kajawi ndadosaken bingah, ugi ndadosaken gesang kita
wonten grengsengipun. Katresnan punika nuwuhaken semangat lan paring
daya kakiyatan ingkang ageng tumraping manungsa. Awit saking punika
tiyang Kristen kedah ngudi murih katresnan saged ngrasuk wonten ing
gesangipun lan dados perkawis ingkang utami.
Waosan Musthikaning Kidung 8:6a punika asring kita panggihi ing
pahargyan-pahargyan manten, awit panci nyariyosaken babagan katresnan
ingkang kiyat lan santosa kadosdene pepejah. Kenging punapa ngginakaken
pasemon katresnan punika kadosdene pepejah? Awit boten wonten
ingkang saged nglawan dayaning pejah. Mila begja tiyang ingkang kagungan
katresnan wonten ing gesangipun, awit tiyang punika mesthi kagungan
kasantosan lan daya gesang.
Amargi katresnan punika nggadahi daya ingkang ageng, kita ugi kedah
waspada kaliyan jinising katresnan ingkang saged damel cilaka. Katresnan
ingkang kados makaten punika katresnan dhateng dhiri pribadi (egois).
Tiyang ingkang egois punika boten maelu dumateng kawontenaning asanes,
ingkang baken punapa ingkang dados kapentinganipun saged kasembadan.
Kamangka, minangka tiyang Kristen kita boten kepareng tumindak kados
makaten. Kita kedah nandukaken katresnan ingkang sumadya kangge
ngurbananken diri murih kasaenaning sesami. Katresnan ingkang damel
tatu, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang namung nengenaken
kapentinganipun pribadi, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang sejati
punika nyantosakaken lan ngiyataken gesangipun manungsa. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *