+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 27 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 18:1-4,25-32; Jabur 25:1-9; Filipi 2:1-13; Mateus 21:23-32

ANDHAP ASOR SAKTEMAH MRATOBAT
“Nanging kowe kabeh sanadyan weruh, ora banjur keduwung
lan uga ora pracaya marang dheweke”
(Mateus 21:32c)

Nadyan ora ngreti lupute neng endi, nanging Trisno duwe tekad luwih
ngati-ati. Saiki yen diskusi, geguyonan karo kanca-kancane; apa maneh yen
matur karo sing luwih tuwa, Trisno dadi luwih ngati-ati maneh supaya aja
nganti tembung lan tumindake natoni ati. Anggone nyepedha lan nyambut
gawe saiki uga ngati-ati; “Bokmenawa yen kulina, besuk aku bisa luwih
ngati-ati pas uwis nyambutgawe temenan”; mangkono batine Trisno.
Minangka bangsa prajanjian, Bangsa Israel raosipun bungah lan ayem;
nanging emanipun punika bungah lan ayem ingkang klentu. Klentunipun
inggih punika wontenipun pamanggih bilih minangka bangsa prajanjian,
bangsa Israel saged nindakaken sadaya ingkang dados osiking manah. Lan
menawi jebul tumindakipun cengkah kaliyan karsaning Allah, kantun
nyaosaken kurban dhateng Allah sampun rampung. Mila Gusti Yesus
memucal kanthi pasemon bab lare kalih kangge nandhesaken bilih ingkang
kakersakaken dening Gusti Allah inggih punika supados tiyang ngestokaken
dhawuhipun. Lare mbajeng nggambaraken para pangarsaning agami Yahudi
ingkang nyagahi dhawuhing Allah nanging boten ngestokaken ing gesang
padintenan. Dene lare ragil nggambaraken para juru-mupu-beya lan para
wanita-tuna-susila ingkang ketawisipun boten nyagahi dhawuhing Allah;
nanging saksampunipun nampi pameleh lajeng keduwung lan mratobat.
Gusti Allah saged ngemutaken manungsa lumantar Kitab Suci lan
kawontenaning gesang padintenan. Mila pasamuwanipun Gusti sampun
ngantos rumaos dhiri boten gadhah kalepatan saktemah boten prelu mratobat
kados dene pangarsaning agami Yahudi. Langkung prayogi menawi mbangun
patrap andhap-asor kanthi ngrumaosi bilih awit saking karingkihanipun,
piyambakipun gampil kapilut ing dosa saktemah isining Kitab Suci lan
kawontenaning gesang kaanggep minangka pemut saking Allah ingkang
ngosikaken manahipun saktemah enggal mratobat kanthi mujudaken gesang
ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *