Para Hakim 14:1-20; Jabur 28; Filipi 1:3-14
SINAU DADOS LANGKUNG SAE
“Lan iya iki pandongaku: Muga-muga katresnanmu saya mundhak-
mundhaka ing pangawruh kang bener lan ing sarupaning pangreten”
(Filipi 1:9)
Merga seret, lawang kamar mandi kudu dipeksa ben bisa mbukak utawa
nutup. Mula bocah kost karo sing kagungan bisa niteni nadyan ora nyawang
langsung ana sing nganggo kamar mandi utawa ora kuwi saka swara lawang.
Nanging wis sakwetara dina ana sing aneh; lawange wis arang muni seru
nalika ana wong mlebu utawa metu saka kamar mandi. Jebul bapak kos
mirsani dhewe yen Trisno ngati-ati banget anggone mbukak lan nutup lawang.
Limrahipun menawi sampun ngraosaken bilih pambudidayanipun
manggihaken pepalang ingkang ndhatengaken panandhang, tiyang badhe
kendel. Punika ingkang asring kawastanan kapok. Nanging punika boten
kapanggihaken wonten ing gesangipun para Pekabar Injil, kalebet Rasul
Paulus. Awit saking anggenipun ngabaraken Injil, Rasul Paulus asring
mlebet-medal pakunjaran. Kawontenan punika boten damel semplah
punapa malih kapok; buktinipun Rasul Paulus tetep temen anggenipun
nindakaken peladosanipun. Anggenipun temen boten nglaha. Lumantar
peladosan ingkang katindakaken lan panandhang ingkang asring kasandhang,
malah kathah tiyang ingkang mratobat, pitados lan nampi pratandha babtis.
Rasul Paulus ugi nedahaken bilih anggenipun kinunjara punika dados
piwulang lan tuladha bilih panandhang ingkang kasandhang nalika martosaken
Injil punika boten nggadhahi daya ingkang saged damel semplahing kapitadosan
dhateng Sang Kristus, mila kathah pandherekipun Sang Kristus ingkang
dados sangsaya kendel martosaken Injil.
Tiyang saged sinau saking pengalaman pribadhi lan ugi saking pengalamanan
tiyang sanes; ingkang baken mujudaken ewah-ewahan ingkang sae. Menawi ing
gesaningpun boten wonten ewah-ewahan, saged katitik bilih tiyang boten
sinau saking ingkang dipun alami ing gesangipun. Sumangga nyuwun kawicaksanan
saking Gusti Allah supados sabda suci lan pengalamaning gesang dados
piwulang ingkang ndhatengaken ewah-ewahan saktemah gesang kita sangsaya
sae; jumbuh kaliyan karsaning Allah. |*GPY
