+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 26 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 18:19-24; Jabur 25:1-9; Markus 11:27-33

BOTEN GENGSI NGAKENI BEBENER
“Dhuh Allah kawula, kawula pitados dhumateng Paduka,
mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang;”
(Jabur 25:2a)

Kaya biasane yen ora ana jadwal kuliah, Trisno mampir neng Perpustakaan;
dhasar panggonane adhem lan pancen dheweke butuh golek buku. Neng njero,
dheweke ketemu kanca-kancane. Trisno bablas nggoleki buku sing dibutuhake
njuk lungguh neng kursi sing wis dicawisake. Nembe mbukaki buku, Trisno
weruh Kepala Perpustakaan liwat. Gageyan wae Trisno marani karo matur;
“Sepindhah malih kula nyuwun pangapunten menawi kalepatan kula damel
repot tiyang kathah, bu”
Para pangarsaning agami Yahudi sami gumun dene Gusti Yesus saged
mulangaken pangandikanipun Gusti Allah lan nindakaken mukjijat. Ingkang
katindakaken dening Gusti Yesus damel tiyang kathah sami ndherekaken
Panjenenganipun. Bokmenawi punika lajeng damel meri saktemah nalika
manggihaken Gusti Yesus lumampah ing plataraning Pedaleman Suci, para
pangarsaning agami Yahudi sami murugi kangge nanjihaken bab saking
pundi dununging panguwaos ingkang njalari Gusti Yesus saged nindakaken
peladosanipun. Pitakenan punika kaaturaken kanthi angkah badhe ndakwa
bilih Gusti Yesus mulangaken bab ingkang nasar mila saged dados jalaran
nyingkiraken Panjenenganipun. Gusti Yesus ingkang pirsa telenging manah,
mangsuli kanthi pitakenan ugi bab saking pundi dununging panguwasipun
Yokanan Pambaptis nalika nindakaken babtisan. Nalika boten atur wangsulan,
saged katitik bilih sinaosa mangretos nanging para pangarsaning agami Yahudi
boten purun ngakeni bilih piwulangipun Gusti Yesus leres lan Panjenenganipun
saged nindakaken mukjijat awit panguwaos ingkang saking Mahaluhur.
Kenging punapa dene tiyang-tiyang punika boten purun ngakeni? Mesthinipun
awit gengsi lan ajrih kasoran. Tiyang-tiyang punika sampun turun-temurun
dados pemimpin ing babagan karohanen lan awit kalenggahanipun, tiyang-
tiyang punika nggadhahi kauntungan sacara finansial ingkang eman sanget
menawi ical. Mila kita kaengetaken supados kanthi andhap asor ngakeni
bebener supados kepareng manggihaken kawilujengan. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *