+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 18 September 2026 Minggu Limrah

Nahum 2:3-13; Jabur 145:1-8; 2 Korinta 13:5-10

PENDADARAN
“Dadaren awakmu dhewe, apa kowe padha lestari
dumunung ing pracaya” (2 Korinta 13:5a)

Merga wingi ora melu, dheweke duwe kudu ngganepi garapane kanca-
kancane. Trisno ngrampungake makalah tekan bengi. Nadyan angel nanging
ora kaanggep momotan. Trisno nganggep iku minangka tanggungjawab merga
pancen dheweke sing luput ora melu kerja kelompok dhek Setu; itung-itung
dheweke rumangsa didadar supaya dadi luwih pinter. Sakuwise diganepi lan
oleh pasarujukane kanca-kanca, esuke Trisno ngumpulake makalahe.
Rasul Paulus ngemutaken tanggeljawabipun pasamuwan supados sami
ndadar dhiri kangge niteni bab sapinten kapitadosanipun wonten ing Gusti
Yesus. Bab punika wigati awit menawi jebul katitik bilih Gusti Yesus boten
dumunung ing gesangipun, piyambakipun badhe katampik saking kawilujengan.
Kados dene lare sekolah saksampunipun nampi piwulang saking gurunipun
lajeng nglampahi ujian, mekaten ugi pasamuwanipun Gusti saksampunipun
nampi piwulanging Kitab Suci lajeng nggadhahi tanggeljawab ngecakaken
sabda wonten ing gesang padintenan. Dene pendadaranipun inggih punika
sakathahing bot-repot ingkang kedah kasanggi nalika ngestokaken dhawuhing
Allah. Pancen boten gampil awit wonten pepalang ingkang kedah dipun
adhepi; sae punika saking sesami ingkang boten remen dhateng sabdaning
Allah lan ugi saking dhirinipun piyambak ingkang boten purun ngestokaken
dhawuhing Allah. Dene nalika pasamuwanipun Gusti temen ngestokaken
dhawuhing Allah sinaosa ngadhepi sekathahing pepalang minangka wujuding
tanggeljawabipun umat ingkang sampun kawilujengaken, badhe katitik bilih
pancen saestu Gusti Yesus dedalem ing manahipun awit pancen namung
Panjenenganipun ingkang ndayani tiyang pitados ngestokaken sabdanipun.
Mila pasamuwan sampun ngantos kendho lan semplah nalika ngestokaken
sabdaning Allah. Kangelan ing saklebeting ngadhepi pendadaran estunipun
supados pasamuwan saged mbangun patrap pasrah sumarah dhateng
panuntuning Gusti Yesus lan mbucal patrap ngandelaken kakiyatan lan
kasagedan pribadhi. Sadaya punika kangge njagi lestantuning kawilujenganipun
pasamuwan ingkang sampun katampi lumantar Sang Kristus. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *