+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 19 September 2026 Minggu Limrah

Zefanya 2:13-15; Jabur 145:1-8; Mateus 19:23-30

GANJARAN NGANDELAKEN ALLAH
“…Iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal
oleh warisan urip langgeng” (Mateus 19:29c)

Trisno ngrumangsani yen mung anake wong cilik sing dhingklike oglak-
aglik. Sakjane dheweke mindher karo kanca-kanca sing binerkahan duwe
wongtuwa pegawe mula ana bayar saben wulan sing bisa dijagakake.
Kahanan iku gawe Trisno mung bisa ngonthel mangka kanca-kancane wis
mrana-mrena numpak montor. Merga ngrumangsani yen wongtuwa ora
bisa diandelake, Trisno temen olehe sinau supaya ngrekasane wongtuwa
aja nganti legeh tanpa guna.
Nalika semanten, tiyang Yahudi ngantu-antu rawuhipun Sang Mesih
ingkang badhe mimpin tiyang Yahudi brontak dhateng penjajah Rum. Dene
nalika dados pandherekipun Gusti Yesus, para sekabat pitados bilih
Panjenenganipun punika Sang Mesih ingkang badhe jumeneng ratu mulihaken
karajan Israel kados jamanipun prabu Dawud. Dene sami ndherekaken
Gusti Yesus supados benjang dipun keparengaken ngasta kalenggahan ing
pamarentahan minangka tiyang-tiyang ingkang celak kaliyan Panjenenganipun.
Nanging nembe kemawon Simon Petrus mirengaken piwulangipun Gusti
Yesus bilih tiyang sugih badhe ngrekaos sanget anggenipun badhe mlebet
ing Kraton Swarga, malah langkung gampil anggenipun unta mlebet bolonganing
dom. Piyambakipun temtu kaget awit anggenipun ndherekaken Gusti Yesus
kanthi nilar brayat lan padamelan supados wonten indhak-indhakan ing
gesangipun. Ingkang sakderengipun namung juru-amek-iwak ingkang prasaja,
piyambakipun kapengin supados gesangipun saged sangsaya sakeca kanthi
dados tiyang ngasta pamarentahan. Nalika nggadhahi panguwaos, temtu
dados sugih. Nanging menawi tiyang sugih boten gampil mlebet Kraton
Swarga, lajeng punapa ganjaranipun tiyang-tiyang ingkang sampun nilar
samudayanipun kangge ndherek Gusti? Gusti Yesus nedahaken bilih ganjaranipun
sanes bandha kadonyan, nanging gesang langgeng.
Taksih wonten sakwetawis tiyang ingkang gesangipun ngandelaken
bandha; sae bandhanipun piyambak utawi bandhanipun tiyang sepuh.
Tumindak mekaten boten wicaksana. Sumangga ngandelaken Gusti Allah
kanthi temen nglampahi gesang saktemah badhe nampi gesang langgeng. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *