+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 17 September 2026 Minggu Limrah

Nahum 1:1,14-2:2; Jabur 145:1-8; 2 Korinta 13:1-4

NGASORAKEN DHIRI NYUWUN APUNTEN
“Lah Sang Yehuwah mbangun maneh kaluhurane Rama Yakub,
kaya kaluhurane Rama Israel…”
(Nahum 2:2a)

Esuk kuwi Trisno teka gasik kaya biasane. Nembe wae nyelehake bokong
neng kursi, dheweke diparani kancane karo mentheleng. “Dina Setu wingi
kowe neng endi? Kowe rak wis nyarujuki yen awake dhewe nggarap tugas
bareng-bareng, to? Lha kok dieteni tekan awan ora teka, ditelpon ora bisa,
diparani neng kos ora ana? Mbok yen pancen ora bisa kuwi ana tembunge!”
Trisno ngeplak bathuke dhewe. Dhek Setu kudune dheweke Kerja Kelompok
ngrampungake makalah sing kudu diaturake besok Rebo. Nalika mbukak
HP, jebul koutane entek; mula ditilpon ora bisa. Pancen dheweke wingi
babar blas ora nggocek HP merga nembe seneng cedhak karo rama-biyunge.
Trisno banjur njaluk ngapura lan janji ora mbaleni tumindak sing gawe
tunane wong liya.
Bangsa Asyur ingkang akedhaton ing Niniwe sampun nelukaken Samaria
lan ngancam Yehuda. Migatosaken kakiyatanipun Niniwe, sakedhap malih
Yehuda badhe enggal katelukaken ugi. Nanging lumantar nabi Nahum, Gusti
Allah paring prasetyo bilih Yehuda sampun ngantos semplah lan ajrih.
Tiyang Yehuda kadhawuhan supados sami ngriyadinaken punaginipun,
kados-kados boten wonten bebaya ingkang ngancam. Gusti Allah ugi badhe
nyingkiraken sakathahing brahala lan numpes tiyang dursila saktemah
kaluhuranipun Israel pulih. Tiyang Yehuda ugi kaemutaken supados sami
waspada awit taksih wonten sakwetawis tiyang ingkang badhe ngrisak
bangsa kanthi boten purun mratobat dhateng Gusti Allah awit taksih ngugemi
brahala. Tiyang-tiyang punika ingkang sinebat minangka juru pangrusak.
Sabda ing dinten punika ngemutaken bilih pandherekipun Gusti Yesus
katimbalan mbangun patrap andhap-asor. Patrap gesang punika badhe nuntun
manungsa purun mratobat saktemah nampi kawilujengan. Sumangga nalika
ngrumaosi diri lepat, enggala kanthi andhap-asor ngakeni lan nyuwun
pangapunten saktemah gesangipun kapulihaken dening Gusti Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *