+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 30 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yeremia 15:15-21; Jabur 26:1-8; Rum 12:9-21; Mateus 16:21-28

GADHAH PAMAWAS KADOS PAMAWASIPUN GUSTI
“Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh,
setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir
apa kang kagalih dening Allah, naning mung sing dipikir
dening manungsa.” (Mateus 16:23)

Saben tiyang nggadahi pamawas ingkang namtokaken punapa ingkang
badhe katindakaken ing gesangipun. Pamawas utawi pangertosan punika
wigati sanget. Punapa ingkang dipunwawas dening manungsa punika ingkang
badhe dipuntindakaken. Pramila, kita kedah njagi pamawas kita supados saged
mujudaken tumindak ingkang cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Ananing,
pamawasipun manungsa punika wonten watesipun. Pangalamaning gesang
kita punika nemtokaken pamawas kita. Sinaosa mekaten panguwaosipun
Gusti ndayani kita nglampahi gesang ingkang saged nglangkungi wates-wates
punika.
Waosan kita dinten punika nedahaken bedanipun pamawasing manungsa
kaliyan panggalihipun Gusti. Petrus minangka manungsa gadhah pamawas
ingkang winates. Punapa ingkang dipun wawas dening Petrus bab Sang Mesih
lan pakaryanipun beda kaliyan ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus.
Pramila, bedaning pamawas punika damel Petrus nglampahi tumindak ingkang
beda kaliyan punapa ingkang dipun kersakaken dening Gusti Yesus. Ing
prakawis punika Gusti Yesus melehaken Petrus kathi tembung, “heh, setan,
sumingkira.” lan ngandika bilih punapa ingkang dipuntindakaken dening
Petrus punika dados sandhungan kagem pakaryanipunn Gusti. Gusti Yesus
ngatag Petrus supados saged nilaraken pamawasipun lan sinau nampi lan
pitados dhateng punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Saklajengipun
kawontenan punika dipunagem dening Gusti Yesus kangge mulang para
sakabat supados tansah setya ndherek Gusti sinaosa kathah pepalangipun.
Pamawas kita ingkang winates ndadosaken kita asring kangelan mangertosi
lann nampi karsanipun Gusti. Pancen, panguwaosipun Gusti nglangkungi
kawontenaning manungsa ingkang sarwa winates. Mila, sumangga sami
pitados lan ndherek ing karsanipun Gusti awit punika bab ingkang prayogi. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *