Yeremia 15:10-14, Jabur 26:1-8, Mateus 8:14-17
GUMREGAH LAN LELADI
“Tumuli didemek tangane, temahan waras, banjur ngladeni tamune.”
(Mateus 8:15)
Limrah manawi manungsa ngraosaken karingkihan ing gesangipun. Kasayahan,
kenging virus, bakteri lan sanesipun ingkang saged damel manungsa sakit.
Kasunyatan bilih ing tata kajasmanen, manungsa saged ringkih punika njalari
manungsa ngupadi supados tansah sehat waras. Wonten ugi tiyang ingkang
amarga nandhang sakit dados enget kangge tansah saestu ngucap sokur.
Lumantar sakit punika tiyang mangertos bilih njagi sarasing badan punika wigati.
Waosan Kitab Suci dinten punika mratelakaken bilih Gusti boten nilaraken
tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun. Nalika Gusti Yesus rawuh
ing griyanipun Simon Petrus, marasepuhipun Simon Petrus nembe nandhang
sakit lan boten saged wungu. Awit saking sih-piwelasipun Gusti Yesus,
Panjenenganipun nindakaken mukjijat, inggih punika nyarasaken marasepuhipun
Simon Petrus. Sanalika, marasepuhipun Simon Petrus saras lan saged wungu.
Minangka wujud pangucap sokuripun, piyambakipun ngladosi Gusti Yesus
lan para sakabatipun. Sasampunipun punika, kathah tiyang sakit ingkang
dipun bekta dhateng Gusti Yesus supados dipunsarasaken. Temtu tiyang ingkang
kathah punika ugi tansah ngucap sokur awit kasarasan ingkang dipun tampi
saking Gusti.
Minangka manungsa, kita ugi nate ngalami sakit. Kawontenaning badan
kita boten kados limrahipun, lan saged kemawon kita boten gadhah daya
kangge nindakaken tanggel jawab kita kanthi sae. Temtu kita gadhah pangajeng-
ajeng supados enggal saras malih. Kados pundi caranipun kita mujudaken
raos sokur awit kasarasan peparingipun Gusti? Marasepuhipun Simon Petrus
dados tuladha tumrap kita sadaya supados kita purun gumregah-tangi lan
leladi. Leladi tegesipun misungsungaken dhiri kita supados saged dados
berkah tumrap tiyang kathah. Kita pinaringan kalodhangan lan papan leladi
miturut kasagedan kita piyambak-piyambak. Sumadya gumregah-tangi lan
leladi supados dhatengaken berkah tumrap tiyang sanes kedah kita udi
minangka pandherekipun Gusti. Gusti tansah mitulungi kita. |*YCK
