2 Samuel 11:2-26; Jabur 17; Wahyu 3:1-6
NDHEREK GUSTI
“Lampah kawula tetep ndherek ing tindak Paduka
saha suku kawula boten sleyoran.”
Jabur 17:5
Wonten paribasan “nggoleki tapake kuntul nglayang”, ingkang tegesipun
mratelakaken punapa ingkang boten saged dipun nyana, awit peksi ingkang
mabur punika temtu boten badhe nilaraken tapakanipun. Kita temtu boten
saged mangertosi daerah utawi tlatah ingkang dipunparani peksi kasebat,
wonten ing pundi peksi punika damel sarang, utawi pakanipun saking pundi,
boten cetha.
Ndherek Gusti punika manawi dipun gambaraken wujudipun ugi boten
saged dipun jlentrehaken kanthi tulisan. Gusti punika Roh ingkang boten
ketingal wujudipun. Ananging ingkang dipun pratelakaken ing waosan kita
punika kados pundi kita nindakaken punapa ingkang dipun kersakaken
dening Gusti. Kita saged pepanggihan kaliyan Gusti kanthi sinau mangertosi
punapa ingkang dados pakaryanipun wonten ing jagad punika. Sinau sadaya
karsanipun Gusti, kados pundi pakaryan kawilujenganipun kalampahan tumrap
sadaya titah, lan kados pundi Gusti nindakaken mukjijat utawi mitulungi sadaya
titah ing jagad punika nalika nglampahi gesang. Ndherek Gusti ateges sumadya
sacara wetah nindakaken punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing pagesangan
punika. Temtu kanthi nindakaken punapa ingkang dados piwulangipun Gusti.
Kanthi mekaten kita saged ngraosaken kekiyatan nalika nglampahi gesang
minangka pandherekipun Gusti.
Saben tiyang pitados gadhahi pangalaman sacara pribadi ing salebeting
ndherek Gusti Yesus. Niteni pakaryanipun Gusti ing gesang kita, temtu badhe
dadosaken kakiyatan tumrap kita. Kathah prakawis ingkang saged kita sinau
kanthi ningali lan ngraosaken pakaryanipun Gusti ing gesang punika. Manawi
kita sumadya ngetut wingking Gusti punika badhe mbekta gesang kita sangsaya
cundhuk kaliyan karsanipun Gusti. Mugi Gusti tansah mitulungi kita. |*YCK
