Yesaya 28:14-22; Jabur 18:1-3, 20-32; Mateus 26:6-13
NGATURAKEN INGKANG SAE
“Ana wong wadon kang marak ing ngarsane, nggawa goci isi lenga jebad
kang larang regane, bajur diesokake ing mustakane Gusti Yesus,
nalika lagi lenggah dhahar.”
(Mateus 26:7)
Saben tiyang tamtu nggadhahi barang darbe ingkang dipun anggep aji,
dipun angge sae. Temtunipun saben tiyang ugi gadhah pamawas ingkang beda-
beda. Wonten ingkang nggadhahi pamawas bilih barang ingkang sae punika
dipun ukur saking reginipun. Kados paribasan “ana rega, ana rupa”. Barang
ingkang sae limrahipun reginipun awis. Kanthi mekaten menawi barang punika
dipun sebat ingkang paling sae, ateges barang punika ugi ingkang paling aji.
Cariyos Gusti Yesus ingkang dipun jebadi dening satunggaling pawestri
punika dados tuladha bab ngaturaken punapa ingkang aji lan prayogi dhumateng
Gusti. Dipun cariyosaken, nalika Gusti Yesus wonten ing dalemipun Simon
ing Betania, wonten pawestri ingkang sowan lajeng ngesokaken lisah jebad
wonten ing sirahipun Gusti Yesus. Tumraping para sakabat, pawestri punika
ngeceh-eceh lisah jebad, awit lisah punika awis reginipun. Ananing
tumraping pawestri punika, punapa ingkang dipuntindakaken minangka
wujud pakurmatanipun dhumateng Gusti Yesus. Pawestri punika nyaosaken
punapa ingkang sae kagem Gusti saking punapa ingkang dipun gadhahi.
Sinaosa kathah tiyang ingkang gadhah pamawas negatif utawi awon tumrap
pawestri punika, ananging wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus, pawestri
punika sampun nglampahi bab ingkang prayogi.
Kita asring matur “barang peparing punika sampun dipun ukur saking
reginipun ananging saking tulusing batosipun”. Pitembungan punika ugi
saged dados pitakenan, sapinten tulusing manah kita nyaosaken barang
ingkang saged mawon awis reginipun dhateng tiyang sanes? Kathah tiyang
ingkang dadosaken regi minangka ukuran kangge nyaosaken ingkang sae
tumrap tiyang sanes. Prakawis ingkang wigati inggih punika, kados pundi
kita ngaturaken ingkang sae kagem Gusti. Punapa kita sampun ngaturaken
kanthi manah ingkang tulus utawi namung supados dipuntingali dening
tiyang sanes? Sumangga kita sinau tansah ngaturaken ingkang sae kagem
Gusti kanthi tulusing manah.|*YCK
