+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 25 Agustus 2026 Minggu Limrah

Pangandharing Toret 32:18-20, 28-39; Jabur 18:1-3, 20-32; Rum 11:33-36

KAMULYAN KAGEM GUSTI
“Awitdene anane samubarang kabeh iku saka ing Panjenengane,
lan marga dening Panjenengane, sarta lumadi marang Panjenengane:
Kamulyan kagema ing Panjenengane salawas-lawase!”
(Rum 11:36)

Ing gesang jaman samangke, kathah tiyang ingkang mburu kamulyaning
dhiri, kanthi pados kalenggahan, kasugihan, kapinteran, panguwaos lan
sanesipun. Punika sadaya dipun upadi awit manungsa gadhah penpinginan
supados dipun urmati lan dipun akeni kawontenanipun. Pancen sadaya punika
saged damel tiyang nampi kamulyan, ananging kamulyan punika boten
langgeng. Kamulyan ingkang dipun gayuh dening manungsa awit pengin
dipun urmati lan dipun akeni kawontenanipun punika saged ical lan saged
mawon malah dhatengaken masalah utawi prekawis ing gesangipun.
Wonten ing seratipun dhateng pasamuwan ing Rum, Rasul Paulus
nedahaken bilih namung Gusti ingkang kagungan panguwaos lan saged
nindakaken punapa kemawon ing gesanging manungsa. Punika tegesipun
namung Gusti Allah ingkang kagungan kamulyan ingkang sejati. Wiwit jagad
punika katitahaken, pakaryanipun Gusti sampun nyata tumrap para bangsa,
lan punika nedahaken bilih kamulyan punika namung kagem Gusti Allah.
Gusti Allah punika sumbering katresnan lan kawicaksanan. Samukawis ing
jagad punika wonten awit kamulyanipun Gusti.
Sinten ta manungsa punika, ngantos sami mbudidaya pados kamulyan
lan panguwaos, kados-kados kepengin sami kaliyan Gusti? Kalenggahan,
kasugihan utawi kapinteran pancen saged dados margi kita nggayuh kamulyan,
namung sadaya punika badhe sirna nalika Gusti nimbali kita wangsul wonten
ing ngarsanipun. Punapa kemawon saged dados jalaran kita kecalan kamulyan
ing donya punika. Pramila langkung prayogi, menawi kita ngupadi gesang
kanthi sae. Menawi kita dipun keparengaken nampi kalenggahan, kasugihan, lan
kapinteran, prayogi tansah kaginakaken kangge lelados ing gesang beberayan
agung, satemah namung Asmanipun Gusti ingkang kaluhuraken. Sadaya
ingkang kita tindakaken ing pagesangan punika tujuanipun namung kagem
kamulyanipun Gusti salami-laminipun! |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *